WUJUD PAMILIHE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK NYOLONG PETHEK ANGGITANE ARY NURDIANA

  • SISKA WAHYUNINGTYAS

Abstract

Siska Wahyuningtyas

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Fakultas Bahasa dan Seni

 Universitas Negeri Surabaya

(Siska_Wahyuningtyas@yahoo.co.id)

 

 

Abstrak

Cerkak minangka sawijining sastra kang tuwuh saka pangaribawane sastra Indonesia.Cerkak minangka crita kang sarwa ringkes, ora njlimet kaya dene novel.Panliten iki nggunakake objek arupa antologi cerkak Nyolong Pethek anggitane Ary Nurdiana. Ary Nurdiana nggunakake basa-basa kang diolah kanthi maneka werna cara lan potensine nggunakake pamilihe tembung lan lelewane basa kang endah, saengga ndadekake karyane apik lan ora mboseni sarta cocog kanggo ditliti.

Adhedhasar andharan kasebut, mula bisa didudut underan panliten yaiku : (1) Kepriye wujud pamilihe tembung sajrone antologi cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana? (2) Kepriye wujud panganggone lelewane basa sajrone antologi cerkak Nyolong Pethek Anggitane Ary Nurdiana?

Panliten iki nggunakake tintingan stilistika yaiku ilmu kang nyinaoni gaya utawacara kang digunakake dening pangripta kanggo medharake gagasane kanthi nggunakake sarana basa. Panliten iki nggunakake metode diskriptif kualitatif.Sumber data panliten iki arupa ACNP anggitane Ary Nurdiana kang dumadi saka limalas cerkak.Dene data sajrone panliten iki yaiku tembung-tembung utawa ukara-ukara sajrone cerkak kang ngandut kaendahan saengga narik kawigatene para pamaca. Tekhnik kang digunakake ing panliten iki yaiku tekhnik nyimak, waca, cathet, lan pustaka.

Asil saka panliten iki yaiku ditemokake maneka werna wujud pamilihing tembung lan lelewane basa kang digunakake Ary Nurdiana sajrone ACNP. Ing babagan pamilihing tembung, Ary Nurdiana nggunakake maneka werna ragam basa kayata ragam basa Jawa ngoko, krama, Indonesia, Inggris, lan Arab. Saliyane iku dheweke uga nggunakake wujud pamilihing tembung kayata tembung entar, paribasan, wangsalan, saloka, lan candra.

Lelewane basa kang ditemokake yaiku lelewane basa retoris lan kias. Panganggone gaya basa retoris kang ditemokake sajrone ACNP kayata gaya basa polisidenton, asindenton, elipsis, lan retoris. Gaya basa kias kang digunakake Ary Nurdiana bisa diwawas saka panganggone majas-majas  kang diperang dadi papat yaiku majas perbandingan, pertentangan, penegasan , lan sindiran.

Published
2015-08-21
How to Cite
WAHYUNINGTYAS, S. (2015). WUJUD PAMILIHE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK NYOLONG PETHEK ANGGITANE ARY NURDIANA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 124
PDF Downloads: 149