PANGARIBAWANE MEDHIA MOVIE MAKER TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT KELAS VII SMP NEGERI 19 SURABAYA

  • DARA MUSTIKA DEWI

Abstract

Dara Mustika Dewi

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

araddewi@gmail.com

Abstrak

Peserta dhidhik minangka paraga ing donya pendhidhikan kudu bisa luwih aktif lan kreatif sajrone proses pamulangan. Salah sawijine pamulangan basa Jawa yaiku materi nyemak kanthi kompetensi dhasar “mangerteni lan nganalisis struktur teks, unsur basa, pesen moral crita rakyat lan ngapresiasi crita rakyat”. Pamulangan nyemak kalebu katrampilan basa kang ora gampang, mula kudu ana medhia pambiyantu sajrone proses pamulangan, salah sawijine yaiku medhia movie maker. Underan panliten iki yaiku (1) kepriye kawasisan nyemak crita rakyat tanpa nggunakake medhia movie maker ing kelas kontrol, (2) kepriye kawasisan nyemak crita rakyat kanthi nggunakake medhia movie maker ing kelas eksperimen, (3) kepriye pangaribawane medhia movie maker tumrap kawasisan nyemak crita rakyat, (4) kepriye asil respon angket siswa kelas eksperimen kang nggunakake medhia movie maker.

Konsep sajrone panliten iki yaiku medhia movie maker, nyemak, lan crita rakyat. Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Quasi Eksperimental Design kanthi desain Nonequivalent Control Group Design. Teknik kang digunakake yaiku tes lan angket. Instrumen kang digunakake yaiku RPP, lembar soal, lan lembar angket, dene kanggo analisis dhata nggunakake uji t-signifikansi.

Adhedhasar dhata kang wis diklumpukake bisa didudut ora ana pambeda kang signifikan ing kelas kontrol panliten 1 antarane asil pre-test lan post-test yaiku titung = 1,156 < ttabel = 1,685. Ing panliten 2 kelas kontrol nuduhake ora ana pambeda antarane asil pre-test lan post-test yaiku titung = 1,240 < ttabel = 1,685. Ing kelas eksperimen nuduhake ana pambeda kang signifikan, panliten 1 antarane pre-test lan post-test ngasilake titung = 8,062 > ttabel 1,685. Panliten 2 kelas eksperimen antarane pre-test lan post-test yaiku titung = 8,265 > ttabel = 1,685. Asil t-tes signifikansi ing kelas kontrol lan kelas eksperimen panliten 1 nuduhake titung = 5,530 > ttabel 1,666. Panliten 2 antarane kelas kontrol lan kelas eksperimen ngasilake titung = 4,092 > ttabel = 1,666. Adhedhasar asil itungan kasebut bisa dimangerteni yen ana beda kang signifikan antarane kelas kontrol lan kelas eksperimen, ateges medhia movie maker bisa ngundhakake kawasisan nyemak crita rakyat siswa kelas VII SMP Negeri 19 Surabaya.

Published
2015-08-21
How to Cite
MUSTIKA DEWI, D. (2015). PANGARIBAWANE MEDHIA MOVIE MAKER TUMRAP KAWASISAN NYEMAK CRITA RAKYAT KELAS VII SMP NEGERI 19 SURABAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 15
PDF Downloads: 26