LEGENDHA PESAREAN RADEN AYU PUTRI ONCAT TANDHA WURUNG ING DESA TERUNG WETAN KABUPATEN SIDOARJO

  • AYUK SUKMAWATI

Abstract

Ayuk Sukmawati, Dra. Sri Sulistiani, M.Si.

 

Universitas Negeri Surabaya

Fakultas Bahasa dan Seni

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

 

Abstrak

 

                Legendha Pesarean Raden Ayu Putri Oncat Tandha Wurung minangka sawijine wujud folklor lisan kang ana ing desa Terung Wetan, Kabupaten Sidoarjo. Legendha kasebut nyritakake ngenani putri saking Adipati Terung kang ngandhut tanpa bapak, lan dipateni dening ramane dhewe lajeng jasade dieksekusi ing dina Selasa Kliwon (Anggara Kasih), dibuwang ing Bengawang Terung. Mula saka kuwi jeneng Raden Ayu Putri Sundari Cempakawati dumadi “Raden Ayu Putri Oncat Tandha Wurung”,yaiku tembung “Oncat” tegese jasade ora metu ing Bengawan Terung, tembung “Tandha” tegese durung mangerteni tandha apa sajrone wetenge, tembung “Wurung” tegese durung mangerteni wujude isine,arupa ula, naga, utawa pusaka.Underane panliten, yaiku: 1) Kepriye wujudLegendha Pesarean Raden Ayu Putri Oncat Tandha Wurung?; 2) Kepriye pigunane Legendha Raden Ayu Putri Oncat TandhaWurung?; 3) Kepriye makna simbol kang kinandhut sajrone Legendha Pesarean Raden Ayu Putri Oncat Tandha Wurung?; 4) Nilai-nilai budaya apa wae kang kinandhut sajrone Legendha Pesarean Raden Ayu Putri Oncat TandhaWurung?; 5) Kepriye owah-owahan kang dumadi sajroneLegendha Raden Ayu Putri Oncat Tandha Wurung?.

                Kanggo ngonceki masalah kang dadi punjere panliten digunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah kang arep dionceki. Konsep utawa teori kasebut ing antarane, kanggo njlentrehake piguna legendha nganggo teorine Bascom kang dikutip dening Danandjaja. Kanggo njkentrehake simbol nggunakake teorine Sudikan. Kanggo ngonceki nilai budaya nggunakake teorine Lantini. Kanggo ngonceki owah-owahan nganggo teorine Danandjaja, lan folklor nganggo teorine Danandjaja. Metode kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Pangumpulane dhata ditindakake kanthi cara wawancara lan dhokumentasi.

Asile panliten yaiku critane bisa dadi patuladhan kanggo para pamudha panyengkuyunge. Makna kang terkandung dlam legendha, yaiku piranti kang isih ana gegayutane kaya dene watu manggis, sumur manggis, kendhi, banyu putih, dupa, wedhak, rembug, jungkas lan kaca pangilon. Piguna saka legendha, yaiku minangkasistem proyeksi masyarakat, minangka pranata kabudayan, minangka piranti kanggo pendhidhikan, lan minangka piranti kendali sosial. Nilai budaya kang kinandhut sajrone legendha,yaiku nilai didaktis, etik, lan religius. Owah-owahan kang dumadi sajrone legendha, yaiku saka buku titi tinular, bangunan pesarean, pakulinan kang kerep dianakake ing pesarean, sesajen lan ubarampe sajrone adicara ruwat desa (sedhekah bumi). 

Published
2015-08-21
How to Cite
SUKMAWATI, A. (2015). LEGENDHA PESAREAN RADEN AYU PUTRI ONCAT TANDHA WURUNG ING DESA TERUNG WETAN KABUPATEN SIDOARJO. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 74
PDF Downloads: 25