WERDINE WEWALERE BOCAH ING DESA BULUREJO KECAMATAN RENGEL KABUPATEN TUBAN: JINGGLENGAN ADHEDHASAR BLEGER SINTAKTISE UKARA PANDHAPUKE

  • AGUNG BAHRONI

Abstract

Agung Bahroni, Surana, S.S., M.Hum.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

agungbahroni666@gmail.com

Abstrak

 

Wewaler mujudake paugeran kang bisa ngasilake solah bawa kang pener. Paugeran kasebut diandharake lumantar tuturan kang awujud ukara. Saka bleger ukarane wewaler kasebut uga bisa dimangerteni werdine wewalere bocah ing Desa Bulurejo Kecamatan Rengel Kabupaten Tuban. Mula panliten iki dipunjerake marang werdine wewalere bocah ing Desa Bulurejo Kecamatan Rengel Kabupaten Tuban adhedhasar bleger sintaktise kang kaperang adhedhasar jinise maksud yaiku, (1) blegere ukara kang ndhapuk wewalere bocah kang nduweni maksud menging, (2) blegere ukara kang ndhapuk werdine wewalere bocah kang nduweni maksud ngongkon, lan (3) blegere ukara wewalere bocah kang nduweni maksud mrayogakake.

Panliten ngenani werdine wewalere bocah ing Desa Bulurejo Kecamatan Rengel Kabupaten Tuban nggunakake teori semantik generatif. Kanggo nemokake werdi kang kinandhut sajrone wewaler kudu mangerteni maksud lan kalungguhan ukarane wewaler. Maksud diweruhi saka anggone nuturake wewaler, dene kalungguhan ukarane wewaler bisa dimangerteni saka wujud lan guna ukarane wewaler. Sawise mangerteni maksud lan kalungguhan ukarane wewaler, kekarone banjur digayutake temah ngasilake werdine wewalere bocah.

Panliten ngenani werdine wewalere bocah iki nggunakake panliten dheskriptif analitik lan nduweni sipat sinkronis. Tata carane nglumpukake dhata nggunakake metodhe semak kanthi nggunakake teknik lanjutan, teknik sadhap, teknik mawa wicara, teknik tanpa wicara, teknik cathet.

Andharan ngenani werdine wewalere bocah ing Desa Bulurejo Kecamatan Rengel Kabupaten Tuban dijingglengi adhedhasar bleger sintaktise ukara . Dadi anggone ngoceki werdine kanthi nggatekake bleger sintaktis kang ana sajrone ukarane wewalere bocah. Bleger sintaktis kang dikarepake yaiku apa wae kang ana sajrone ukara kanthi dhasar triaspek sintaktis yaiku, wujud, guna, lan kalungguhan. Sanajan anggone ngandharake adhedhasar bleger sintaktise ukara pandhapuke, nanging anggone merang adhedhasar jinise maksud kang ana sajrone wewalere bocah yaiku maksud menging, maksud ngongkon, lan maksud mrayogakake. Gandheng wewaler kang nduweni maksud menging akeh cacahe, mula jinise wewaler kang nduweni maksud menging diperang maneh adhedhasar jinise ukara, yaiku ukara lamba lan ukara camboran. Saben jinise ukara kasebut diperang maneh adhedhasar gunane ukara yaiku mawa lesan mawa geganep, mawa lesan tanpa geganep, tanpa lesan mawa geganep, tanpa lesan tanpa geganep.

Published
2015-08-24
How to Cite
BAHRONI, A. (2015). WERDINE WEWALERE BOCAH ING DESA BULUREJO KECAMATAN RENGEL KABUPATEN TUBAN: JINGGLENGAN ADHEDHASAR BLEGER SINTAKTISE UKARA PANDHAPUKE. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 173
PDF Downloads: 90