RAGAM BASA SAJRONE “BUKU KIDUNG-KIDUNG KESUCIAN” ING PURA MANGKU JAYA, DESA KRADENAN, KECAMATAN PURWOHARJO, KABUPATEN BANYUWANGI

  • LIA RUSDIANA

Abstract

Lia Rusdiana, Surana, S.S., M.Hum.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Liarusdiana.lr@gmail.com

Abstrak

“Buku Kidung-kidung Kesucian” ing pura Mangku Jaya, Desa Kradenan, Kecamatan Purwoharjo, Kabupaten Banyuwangi kasusun saka maneka warna basa. Maneka warnane basa kasebut lumrahe dijalari dening maneka warnane manungsa lan kegiyatan sing dilakoni. Iku kabeh sing njalari basa sajrone buku kidung-kidung kesucian ing pura Mangku Jaya kasebut ana maneka werna basa.

Adhedhasar landhesan panliten ing ndhuwur, punjere panliten yaiku: 1) Ragam Basa apa wae sing ana sajrone buku kidung-kidung kesucian ing pura Mangku Jaya, Desa Kradenan, Kecamatan Purwoharjo, Kabupaten Banyuwangi; 2) Kepriye wujude pamilihe tembung sajrone buku kidung-kidung kesucian ing pura Mangku Jaya, Desa Kradenan, Kecamatan Purwoharjo, Kabupaten Banyuwangi, lan 3) Apa wae makna panguripan sajrone buku kidung-kidung kesucian ing pura Mangku Jaya, Desa Kradenan, Kecamatan Purwoharjo, Kabupaten Banyuwangi.

Panliten iki kalebu panliten deskriptif kualitatifsing diajab bisa ngolehake gegambaran sing cetha lan objektif ngenani Ragam Basa Sajrone Buku Kidung-kidung Kesucian ing Pura Mangku Jaya.Sumber dhata panliten iki yaiku arupa kidung-kidung lan tembang-tembang sajrone buku kidung-kidung kesucian ing pura Mangku Jaya lan dhatane arupa ukara-ukara sajrone buku kasebut. Teori sing digunakake sajrone panliten iki yaiku konsep ragam basa Chaer.

Asile panliten sing sepisan yaiku babagan ragam basa. Basa sing digunakake sajrone buku kidung-kidung kesucian ing pura Mangku Jaya yaiku basa Jawa, basa Indonesia, lan basa Sansekerta. Undha usuk basa sing ana sajrone buku kidung-kidung kesucian kasebut yaiku basa krama, krama-ngoko, krama-Sansekerta, ngoko, ngoko-krama, ngoko-Sansekerta, lan ngoko-Indonesia. Underan kapindho pamilihe tembung yaiku arupa pepindhan lan wangsalan. Dene underan sing pungkasan yaiku bab makna panguripan sing kamot sajrone “Buku Kidung-kidung Kesucian” ing pura Mangku Jaya. Kidung-kidung kasebut ngemot saperangan isi adhedhasar tematike yaiku memuji Gusti, sarana ngabekti, pepeling marang agama lan Gusti, kawruh agama, pandonga lan pangajab.

Published
2015-08-24
How to Cite
RUSDIANA, L. (2015). RAGAM BASA SAJRONE “BUKU KIDUNG-KIDUNG KESUCIAN” ING PURA MANGKU JAYA, DESA KRADENAN, KECAMATAN PURWOHARJO, KABUPATEN BANYUWANGI. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 49
PDF Downloads: 50