KRITIK SOSIAL POLITIK LAN EKONOMI SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PUSER BUMI ANGGITANE MAS GAMPANG PRAWOTO (Tintingan Strukturalisme Genetik)

  • SITI NUR AISYAH

Abstract

Siti Nur Aisah, Drs. Bambang Purnomo, M.Si

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

sitinuraisah648@yahoo.com

Abstrak

 

Geguritan sajrone Antologi Geguritan Puser Bumi mujudake karya sastra kang tuwuh saka anane kadadean-kadadean utawa kanyatan urip kang sabanjure diolah, didhapuk, lan dilarasake karo imajinasine pengarang. Minangka sawijining karya sastra, Antologi Geguritan “Puser Bumi” nggambarake kahanan kang ana ing sakiwa tengene pangurit lan asil saka pengalamane panggurit piyambak kang diwujudake lumantar karya sastra awujud geguritan.

AdhedhaSsar kanyatan panliten mau, mula ditetepake underane panliten yaiku : (1) kepriye aspek tematik sajrone AGPB anggitane Mas Gampang Prawoto?, (2) kepriye pamawasing jagade Mas Gampang Prawoto sajrone antologi geguritan Puser Bumi ?, (3) kepriye sambung rapete tema kritik social politik lan ekonomi karo profesine panggurit minangka guru sajrone antologi geguritan Puser Bumi?, (4) kepriye fungsi  geguritan ing antologi geguritan Puser Bumi anggitane Mas Gampang Prawoto?. Tujuwan panliten iki yaiku : (1) njlentrehake aspek tematik sajrone antologi geguritan Puser Bumi anggitane Mas Gampang Prawoto, (2) njlentrehake pamawasing jagad Mas Gampang prawoto sajrone antologi geguritan Puser Bumi, (3) njlentrehake sambung rapete tema kritik sosial politik lan ekonomi karo profesine panggurit minangka guru?, (4) njlentrehake fungsi antologi geguritan Puser Bumi anggitane Mas Gampang Prawoto.

Panliten iki mujudake jinis panliten deskriptif kualitatif  lan  nggunakake metode hermeuneutik. Kanthi menehi tapsiran saka sumber dhata kang wis diklumpukake banjur digayutake karo kasunyatan kang ana ing bebrayan lan pamawasing jagade panggripta, mula digunakake pamarekan strukturalisme genetik. Data kang ditliti diklumpukake kanthi methode reduction,  reduction yaiku nyeleksi dhata kanthi cara munjerake marang dhata kang dibutuhake miturut kriteria kang ditemtokake. Tekhnik nglumpukake dhata kanthi teknik pustaka, waca, lan cathet. Dhata kang digunakake sajrone panliten iki yaiku arupa tembung, frase, klausa lan ukara sajrone geguritan sajrone antologi geguritan Puser Bumi anggitane Mas Gampang prawoto kang tumuju marang tintingan strukturalisme genetik.

Asiling panliten iki nuduhake yen ana tema kritik sosial politik lan ekonomi kang ana sajrone antologi geguritan Puser Bumi, anggitane Mas Gampang Prawoto. Tema kasebut mujudake salah sawijining gegambaran kasunyatan kang ana ing bebrayan sakiwa tengene panggurit. Tema politik lan ekonomi kayata ngenani, politik kang ora sehat, kahanan ekonomi kang kurang stabil, rebut kalungguhan utawa jabatan, hukum dadi dolanan. Kang pungkasan ngenani para pejabat kang seneng ngumbar janji. Mas Gampang Prawoto nduweni pamawas yen kahanan politik lan ekonomi nduweni sesambungan, politik ora bisa ngadheg dhewe tanpa ekonomi utawa dhuwit. Dene pamawase  jagad masyarakat  ngenani kahanan politik lan ekonomi bisa dingerteni saka kedadeyan-kedadeyan kang ana ing bebrayan salah sawijine lumantar ariwarti bisa dingerteni kahanan politik lan ekonomi yaiku kayata rebut kalungguhan, para pejabat kang seneng ngumbar janji, kahanan ekonomi kang ora stabil. Kang pungkasan hukum kang kurang adil.

Published
2015-08-24
How to Cite
NUR AISYAH, S. (2015). KRITIK SOSIAL POLITIK LAN EKONOMI SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN PUSER BUMI ANGGITANE MAS GAMPANG PRAWOTO (Tintingan Strukturalisme Genetik). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 47
PDF Downloads: 29