NGUNDHAKAKE KAWASISAN WAWANCARA BASA JAWA KANTHI “METODE BERMAIN PERAN” MARANG SISWA KLAS VIII A SMPN 1 PUCANGLABAN, KABUPATEN TULUNGAGUNG TAHUN PAMULANGAN 2015/2016

  • HERI SUKAMTO

Abstract

Heri Sukamto, Dr Murdiyanto,M .Hum

Pendidikan  Bahasa dan Sastra Daerah (jawa)

Fakultas Bahasa  dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Herisukamto@ymail.com

Sajrone pamulangan basa Jawa mligine katrampilan micara basa Jawa ing kelas VIII A SMPN 1 Pucanglaban Tulungagung nuduhake asil kang endhek. Bab iki bisa dituduhake saka asil sinau siswa kang isih ana ing ngisore KKM. Basa kang digunakake siswa ora trep karo unggah-ungguh basa kang ana. Anane siswa ora bisa lan ora kenal basa kasebut akeh kang njalari. Bab kasebut antarane anane perkembangan teknologi kang tansaya cepet. Anane sawernane media kang gampang ditemoni dening sapa wae ing endi wae lumantar teknologi gadget  kang lagi rame ing jaman saiki. Saliyane iku, saka faktor lingkungan keluarga. Siswa kurang nduweni motivasi kanggo sinau wicara Jawa, amarga siswa kurang mangerteni ngenani pamulangan utawa basa kang kudu digunakake. Saliyane iku, metode pamulangan kang ditindakake ing sekolahan isih nggunakake metode konvensional kang isih nengenake nyathet lan ngrungokake saengga siswa rumangsa waleh. Kanthi anane bab kasebut pamulangan kanthi pendekatan kontekstual diajab bisa nuwuhake semangat lan motivasi sinau tumrap siswa. Pendekatan kontekstual  kanthi metode bermain peran perlu digunakake sajrone ngundhakake kawasisan wicara basa Jawa tumrap siswa.

 Underane panliten iki yaiku (1) kepriye undhak-undhake keaktifan siswa kanthi migunakake metode bermain peran; (2) kepriye undhak-undhake keaktifan guru kanthi migunakake metode bermain peran; (3) kepriye undhak-undhake asil pasinaon siswa kanthi migunakake metode bermain peran. Salaras karo underan panliten, tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake undhak-undhake keaktifan siswa kanthi migunakake metode bermain peran; (2) ngandharake undhak-undhake keaktifan guru kanthi migunakake metode bermain peran; (3) ngandharake undhak-undhake asil pasinaon siswa kanthi migunakake metode bermain peran.

Asil saka panliten iki nuduhake yen metode bermain peran bisa ngundhakake kawasisan wawan rembug basa Jawa siswa. Wiwit saka aktivitas siswa, guru, lan asil sinau siswa kang ngalami undhak-undhakan. Aktivitas siswa sajrone pamulangan wawan rembug basa Jawa siswa kelas VIII A SMPN 1 Pucanglaban nuduhake anane undhak-undhakan sawise ditindakake metode bermain peran. Ing siklus 1  prosentase kang diolehake 57,5%, kang kalebu kriteria kurang banget, banjur ing siklus 2 iki nuduhake undhak-undhakan, yaiku kanti prosentase  75%, kang kalebu kriteria cukup.

Published
2016-02-09
How to Cite
SUKAMTO, H. (2016). NGUNDHAKAKE KAWASISAN WAWANCARA BASA JAWA KANTHI “METODE BERMAIN PERAN” MARANG SISWA KLAS VIII A SMPN 1 PUCANGLABAN, KABUPATEN TULUNGAGUNG TAHUN PAMULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 44
PDF Downloads: 74