NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS TEMBANG MACAPAT KANTHI TEKNIK KREATIF TERATAI TUMRAP SISWA KELAS 7B SMPN 2 SAWAHAN TAUN PAMULANGAN 2015/2016

  • INDAH KHOLIFAH

Abstract

Indah Kholifah, Dr. Murdiyanto, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

pahlawan.benar@gmail.com

Abstrak

 

Adhedhasar dhata asil observasi prasiklus ing kelas VII B SMPN 2 Sawahan ditemokake perkara sajrone pamulangan. Pamulangan basa Jawa mligine ing materi nulis tembang kurang ngetrapake variasi modhel teknik pamulangan, saengga siswa kurang aktif lan kurang remen tumrap pamulangan basa Jawa. Siswa kangelan ngerteni cara nulis tembang, mangerteni tata aturan tembang macapat, lan wewatekane tembang macapat adhedhasar jinise. Asile 33% siswa durung nggayuh KKM kang ditemtokake sekolah, yaiku 75. Mula saka kuwi prelu anane modhel lan medhia pamulangan kang efektif bisa narik kawigaten siswa lan ngundhakake asil pasinaon siswa.

Underane perkara yaiku kepriye undhak-undhakan katrampilan guru, aktivitas siswa, lan asil pasinaonan katrampilan nulis tembang macapat siswa kelas VII B SMPN 2 Sawahan lumantar teknik Kreatif Teratai? Panliten iki nduweni tujuwan kanggo ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lan katrampilan nulis tembang macapat siswa kelas VII B SMPN 2 Sawahan lumantar teknik Kreatif Teratai.

Ancangan panliten iki, minangka panliten tindakan kelas (PTK) kang kaperang saka rong siklus lan petang tahapan, yaiku ngrencanakake panliten, nindakake panliten, pengamatan panliten, lan refleksi. Subjek panliten, yaiku guru lan siswa kelas VII B SMPN 2 Sawahan kang kaperang saka 40 siswa. Teknik pangumpule dhata ngunakake tes lan observasi. Jinis dhata kualitatif lan kuantitatif.

Asil panliten nuduhake anane undhak-undhakan katrampilan guru. Sajrone siklus I skor 38 kategori “kurang”, siklus II skor 47 kategori “apik”. Aktivitas siswa siklus I skor rata-rata 2,9 kategori “kurang banget”, siklus II skor rata-rata 3,8  kategori “apik”. Asil pasinaon arupa katrampilan nulis tembang macapat  prasiklus katuntasan klasikal nggayuh 33%,  siklus I ketuntasan klasikal nggayuh 55%, lan siklus II nggayuh prosentase ketuntasan klasikal cacah 83%.

Dudutan saka panliten iki, yaiku teknik Kreatif Teratai bisa ngundhakake katrampilan guru, aktivitas siswa, lan katrampilan nulis tembang macapat siswa kelas VII B SMPN 2 Sawahan Nganjuk. Saran kanggo guru, luwih becik menawa ngetrapake teknik Kreatif Teratai ing mata pelajaran utawa materi pelajaran liyane

Published
2016-02-09
How to Cite
KHOLIFAH, I. (2016). NGUNDHAKAKE KATRAMPILAN NULIS TEMBANG MACAPAT KANTHI TEKNIK KREATIF TERATAI TUMRAP SISWA KELAS 7B SMPN 2 SAWAHAN TAUN PAMULANGAN 2015/2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 48
PDF Downloads: 59