Ngundhakake Kawasisan Nulis UkaraTanduk lan UkaraTanggap KanthiTeknik Bursa Kata Siswa Kelas VIIIB SMP Negeri 3Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016

  • INDRIANI

Abstract

Indriani,Dr. Surana, S.S., M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

 

Abstrak

 

Adhedhasar KTSP ketrampilan nulis Jawa kalebu salah sawijining ketrampilan kang kudu dikuwasani murid. Ketrampilan nulis kang diwulangake marang murid salah sijine yaiku nulis ukara. Panliten iki munjerake ing materi nulis ukara tanduk lan ukara tanggap, kelas VIIIB SMP Negeri 3Kalidawir. Murid kelas VIIIB kasebut minangka sumber data ing panliten iki, nduweni kawasisan kang kurang ing babagan nulis ukara tanduk lan ukara tanggap.

Panliten iki nggunakake teknikBursa Kata, yaiku metode kang nggunakake kartu minangka medhiane lan nuntut murid supaya bisa nggawe ukara tanduk lan ukara tanggap. Panliten iki kaperang dadi 2 siklus kanthi sapatemon saben sikluse. Ing saben patemon ana 4 tahapan kang kudu ditindakake, yaiku tahap ngrencanakake kegiatan, nindakake kegiatan, observasi, lan refleksi. Panliten iki nggunakake metode deskriptif kuantitatif lan teknik ngumpulake data nggunakake observasi, tes, lan lembar cathetan kanthi pangolahe data nggunakake metodhe kuantitatif.

Pangetrapan modhel piwulangan kooperatif kanthi tehnik bursa kata bisa ngundhakake aktifitas siswa, guru lan ngundhakake asil pasinaon siswa. Paedah ing panliten iki antarane kanggo guru bisa ndandani tehnik pamulangan, kanggo siswa bisa ngundhakake prestasi siswa lan kanggo sekolah bisa ngundhakake kualitas sianu siswa.

Asile panliten iki nuduhake yen asile piwulangan murid ing materi nulis ukara tanduk lan ukara tanggap saya ningkat sawise digunakake teknikBursa Kata. Ing siklus I rata-rata (mean)= 60.68, median = 54.5, lan modus = 62.83 kanthi simpangan deviasi = 11.95. Ing siklus II rata-rata (mean) owah dadi 80.95, median = 86.17, lan modus = 87.64 kanthi simpangan deviasi = 12.2.

Kanthi biji katuntasan minimal 70 lan katuntasan kelas kudu nggayuh 80%, ing siklus I ana 14 murid utawa 36.84% kang tuntas, dene 24 murid utawa 63.16% kang durung tuntas. Ing siklus II murid kang tuntas dadi 32 murid utawa 84.21%, dene 6 murid utawa 5.79% durung tuntas. Aktivitase guru ing siklus I mung antuk persentase 57.5%,ing siklus kang pungkasan utawa siklus II persentasine saya ningkat dadi 87.5%. Aktivitase murid ing siklus I mung kasil nggayuh persentase 55%, lan ing siklus II, persentasene saya ningkat dadi 85%. Anane owah-owahan ing asile evaluasi murid sarta aktivitas guru lan murid bisa disimpulake yen teknikBursa Kata bisa ningkatake kawasisan nulis ukara tanduk lan ukara tanggap murid kelas VIIIB SMP Negeri 3Kalidawir.

Published
2016-02-09
How to Cite
INDRIANI,. (2016). Ngundhakake Kawasisan Nulis UkaraTanduk lan UkaraTanggap KanthiTeknik Bursa Kata Siswa Kelas VIIIB SMP Negeri 3Kalidawir Taun Ajaran 2015/ 2016. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract Views: 33
PDF Downloads: 89