NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK

  • ARIS TRIYANTO

Abstract

ABSTRAK

 

 

 Tiwiek S.A. mujudake pengarang sastra jawa gagrag anyar periode taun 1970an. Pengarang saka tlatah Tulungagung iki kalebu produktif, salah sawijining novel karyane Tiwiek S.A. kanthi irah-irahan Carang-Carang Garing. Novel CCG kalebu novel realisme tragis, ing sajrone novel ana unsur-unsur intrinsik kang narik kawigaten kanggo dionceki, sarta makna-makna ang kinandhut ing sajrone novel bisa dadi wejangan ing jrone urip, novel CCG uga narik kawigaten yen digoleki kepriye larah-larahe. Mula saka kuwi novel CCG iki bakal dionceki nganggo teori Strukturalisme Genetik.

Panliten iki bakal nintingi novel Carang-Carang Garing adhedhasar teori strukturalisme genetik. Dene underane panliten yaiku (1) Kepriye struktur intrinsik novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A.? (2) Apa makna jrone novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A.? (3) Kepriye mula bukane Tiwiek S.A. bisa ngripta novel Carang-Carang Garing?

Sacara umum, panliten iki nduweni tujuwan kepingin nintingi novel Carang-Carang Garing adhedhasar teori strukturalisme genetik. Dene sacara khusus, panliten iki nduweni tujuwan (1) Ngandharake kepriye struktur intrinsik novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A., (2) ngandharake Apa makna jrone novel Carang-Carang Garing anggitane Tiwiek S.A.lan (3) ngandharake kepriye mula bukane Tiwiek S.A. bisa ngripta novel Carang-Carang Garing. Adhedhasar tujuwan kasebut, panliten iki nduweni ancas bisa aweh sumbangsih kanggo pangrembakane kasusastran jawa gagrag anyar, mligine apresiasi sastra jawa utawa kritik sastra.

Panliten iki migunakake rantaman metode diskriptif kualitatif kang kapandhu dening tintingan strukturalisme genetik. Sumber dhata ing panliten iki arupa novel CCG anggitane Tiwiek S.A. sadurunge dadi novel, CCG nate kapacak ing majalah Jaya Baya no 46-04 taun 1983 awujud cerbung lan didadekake novel ing taun 2009, novel iki nduweni 128 kaca lan 13 babag. Cara ngumpulake dhata yaiku nemoake unit analisis lan nyathet dhata, banjur dianalisis nganggo teori strukturalisme genetik.

Asiling panliten iki cunduk karo underaning panliten, (1) struktur intrinsik novel CCG, ing sajroning novel CCG ana tema mayor lan tema minor. Unsur intrinsik kapindo yaiku ngenani paraga lan wewatakane. Ing jroning novel CCG paraga diperang dadi papat, antarane yaiku paraga protagonis, paraga antagonis, paraga samping lan parga tambahan. Alur sing digunakake yaiku alur campuran. Konflik sajrone novel CCG diperang dadi loro yaiku konflik eksternal lan

konflik internal. Latar utawa setting ing jrone Novel CCG sing digawe dening sastrawan yaiku telu, Tulungagung, Surabaya, lan Malang. Latar utawa setting digawe manekawarna supaya pamaos ora bosen anggone maca lan supaya ora monoton anggone nyritakake kadadeyan-kadadeyan. (2) makna kang ana ing sajrone CCG kayata, sapa sing salah bakal seleh. Ing jrone novel uga ngelingake marang wong sing milik marang bandhane liyan, merga melik kuwi mesthi nggendhong lali. Ing sajrone novel, Tiwiek S.A. uga nampilake babagan katresnan. Critane bisa dienggo sinau yen sapa sing nyebarake katresnan kudu ngati-ati, amarga yen wis kadhong cidra bisa dadi dhendham, kamangka dhendham kuwi mbebayani. (3) Larah-larahe reriptane novel Carang-Carang kawiwitan saka sambung tresna mudha mudhi. Babagan kang ana gegayutane karo judul yaiku wong cilik kang urip rekasa. Tiwiek S.A. uga nyritakake ngenani wong sugih ora nduwe anak merga ing bebrayan akeh kadadeyan wong sugeh sing ora nduwe anak. Dene larah-larah liyane yaiku ngenani mitos sing mbaureksa, ing jroning novel CCG mitos ngenani sing mbaureksa didadekake babagan kang mungkasi sakabehaning prakara. Uga sakabehe tumindak candhala mesthi bakal cilaka, tumindak candhala bakal cilaka kuwi pepuntone wong jawa.

 

Published
2013-02-01
How to Cite
TRIYANTO, A. (2013). NOVEL CARANG-CARANG GARING ANGGITANE TIWIEK S.A. KAWAWAS SAKA TEORI STRUKTURALISME GENETIK. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 333
PDF Downloads: 93