LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO

  • RINDHA NOVACERYA

Abstract

ABSTRAK

 

 

Legendha Pasarean Andongsari minangka sawijining wujud folklor lisan kang dumunung ing desa Ledok Kulon, Kabupaten Bojonegoro. Legendha kasebut nduweni gegayutan marang lelakone Tumenggung Metaun kang ora gelem kirim upeti marang Mataram, amarga mangerteni yen Mataram sekongkol karo Walanda. Tumenggung Metahun banjur nylamur dadi tukang kentung lan dadi tukang tambang ing desa Ledok Kulon kanthi jeneng sesinglon Mbah Andongsari. Mbah Andong senengane tetulung kanthi rasa iklas, lan ora nyawang sapa kang arep ditulung. Amarga sejatine wong sekti, Mbah Andong nalika nambangake mung ngangkat tekene, banjur prau iku mlaku dhewe. Amarga andhap asor, mbah Andong diajeni ing desa kasebut.

Published
2013-02-02
How to Cite
NOVACERYA, R. (2013). LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 160
PDF Downloads: 75