UPACARA TRADHISI SEDHEKAH LAUT ING KELURAHAN PACARKECAMATAN REMBANG KABUPATEN REMBANG(Tintingan Wujud, Makna, lan Fungsi)

  • YANITA IKA ARTANTI

Abstract

ABSTRAK

Upacara tradisi sedhekah laut yaiku upacara selametan lan sesaji kang dipersembahkake

marang dhanyang sing dilaksanakake kanthi bebarengan (kolektif) kang sifate turun tinurun saka

generasi ing generasi sateruse kang nduweni maksud kanggo nggayuh keslametan, lan

ngentukake tangkepan iwak kang akeh.

Perkara kang diteliti ing panaliten iki yaiku (1) Kepriye tatalakune upacara

tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (2) Apa

wae maknaubarampe kang kinandhut ing upacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar,

kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (3) Fungsi apa wae kang ana ing upacara

tradhisisedhekahlaut kanggo masyarakat kang ndukung; (4)bab-bab apa wae kang bisa

ndadekake upacara tradhisi sedhekah laut isih lestari nganti saiki.

Tujuwan ing panaliten iki yaiku (1) kanggo ngerteni tatalakuupacara tradhisisedhekahlaut

ing kelurahan Pacar, kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (2) kanggo ngerteni

maknaubarampe kang kinandhut ing upacara tradhisisedhekahlaut ing kelurahan Pacar,

kecamatan Rembang, kabupaten Rembang; (3) kanggo ngerteni fungsiupacara

tradhisisedhekahlaut kanggo masyarakat kang dukung; (4) kanggo ngandharake bab-bab kang

ndadekake upacara tradhisi sedhekah laut isih lestari nganti saiki.

Manfaat kang kinandhut ing upacara tradhisi sedhekah laut kayata; (1) Tumrap

pamarintah dhaerah bisa kanggo lelandhesan mengeti upacara tradhisi sedhekah laut ing

Kelurahan Pacar minangka agenda taunan kang asipat rutin; (2) Kanggo masyarakat Kelurahan

Pacar mligine bisa dadi sarana nglestarekake budaya tradhisi jawa lan sarana hiburan; (3)

Tumrap ilmu folklor bisa menehi tambahan inventarisai folklor jawa; (4) Panaliten iki

diupayakake bisa menehi motivasi supaya para panaliti liyane ngrasa kegugah kanggo nganakake

panaliten kang luwih jero lan becik ngenani upacara tradhisi sedhekah laut.

Metode panaliten iki nggunakake deskriptif kualitatif. Deskriptif yaiku kanggo

ngandharake data-data sing saengga dijumbuhake karo kaperluan lan bisa nyengkuyung

panaliten. Dene kualitatif yaiku bisa menehi gambaran kang gamblang ngenani upacara tradhisi

sedhekah laut.

Saka analisis lan pratelan asiling panaliten bisa didudut yen upacara tradhisi sedhekah

laut iki nduweni rong piguna yaiku piguna manifes lan piguna laten. Piguna manifes kayata

piguna religi, piguna ekonomi, piguna pendhidhikan, piguna sosial, lan piguna nglestarekake

budaya. Piguna laten kayata dolanan remi nalika pagelaran wayang kulit, ngombe miras, lan

tawuran (tukaran).

Published
2013-02-02
How to Cite
IKA ARTANTI, Y. (2013). UPACARA TRADHISI SEDHEKAH LAUT ING KELURAHAN PACARKECAMATAN REMBANG KABUPATEN REMBANG(Tintingan Wujud, Makna, lan Fungsi). JOB (Jurnal Online Baradha), 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 37
PDF Downloads: 43