TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG

  • AFIF NURMA G.

Abstract

 

 

Abstrak

Desa Made salah siji desa sing ana Kecamatan Made Kabupaten Jombang. Desa Made nduweni lemah kang subur saengga akeh masyarakate sing dadi petani. Panguripan  masyarakat Desa Made kenthel banget karo identitas budaya Jawa yaiku ngutamakake karukunan kanthi welas asih kekeluargaan, gotong royong, lan toleransi sajrone urip bebrayan. Minangka masyarakat pedesaan, warga Desa Made isih kenthel karo bebrayan kang tradhisional. Keyakinan tumrap adat-istiadat, kesenian, ritual, lan liya-liyane isih lestari, salah siji ing antarane bisa kawawas saka cara nglestarekake adat-istiadat sing ana ing Desa Made. Tradisi Kungkum Sindhen yaiku salah sijine tradhisi sing terus ngrembaka ing Desa Made. Kanthi umum  panliten iki nduweni tujuan kanggo ngawruhi luwih cetha lan jero ngenani wujud lan paedah tradhisi kungkum sindhen. Adhedhasar alesan panliten ing ndhuwur kang dadi masalah yaiku: 1) Kepriye mula bukane Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made? 2) Kepriye tata rakiting Tradhisi Kungkum Sindhen ing Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang? 3) Apa makna ubarampe Tradhisi Kungkum Sindhen? 4) Apa piguna kang kinandhut sajroning Tradisi Kungkum Sindhen. Adhedhasar  panliten iki ana loro yaiku :1) Tujuan umum panliten iki yaiku kanggo ngidhentifikasi lan ndhokumentasekake tata laku, fungsi, makna, simbol  ing Tradisi Kungkum Sindhen ing Desa Made, Kecamatan Kudu, Kabupaten Jombang, 2) Tujuan khusus kang mirunggan saka panliten iki nganggo acuan saka rumusan masalah sing ana, yaiku 1) Kanggo njlentrehake wujud tatacarane  tradhisi kungkum sindhen ing Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang?; 2) Kanggo njlentrehake piguna tradisi kungkum sindhen ?; 3) Kanggo njlentrehake makna-makna simbol sajrone tradisi kungkum sindhen kanggo masyarakat Desa Made Kecamatan Kudu Kabupaten Jombang? 4); Ngandharake makna ubarampe Tradhisi Kungkum Sindhen

Panliten iki dikarepake bisa menehi manfaat kanggo kabeh pihak sing gegayutan ing antarane: 1) Minangka wahana penerapan pengetahuan adat-istiadat lan nambahi wawasan khususe ing ilmu budaya, 2) Bisa aweh paedah kanggo sapa wae kang mbutuhake kawruh ngenani tata lakanane tradhisi kungkum sindhen. Uga bisa nuwuhake kesadaran lan rasa tanggungjawab kanggo ngopeni, ngembangake, lan nambahi wawasan khususe lan nglestarekake adat-istiadat supaya tetep eksis. 3) Kanggo sumbangan referensi kabudayan Jawa tumrap piwulangan Basa Jawa ing sekolah.

Published
2013-05-22
How to Cite
NURMA G., A. (2013). TRADHISI KUNGKUM SINDHEN ING SENDHANG MADE, DESA MAADE, KECAMATAN KUDU - JOMBANG. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(2). https://doi.org/10.26740/job.v1n2.p%p
Abstract Views: 61
PDF Downloads: 41