TRADHISI PETHIK LAUT ING KECAMATAN MUNCAR KABUPATEN BANYUWANGI

  • DANY HARJA S

Abstract

 

 

Abstrak

Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi duwe adicara Tradhisi Pethik Laut sing diadani saben taun ing sasi Sura tanggal 15. Tradhisi iki duwekarep minangkaungkapan rasa sukur marang Allah SWT.Saliyane kuwi, acara iki uga duwe tujuwan nyenyuwun berkah rejeki marang Sang Hyang Iwak supaya asil laut luwih apik tinambang taun sadurunge. Tradhisi iki ngrembaka sawise ketekan suku Medura sing misuwur minangka nelayan. Mula saka kuwi, adicara iki kebak ornamen suku Medura, salah sijine klambi seragam sakera.

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, underaning panaliten iki yaiku : (1) Kepriye tata rakite adicara Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi lan ubarampene? (2) Kepriye aspek religius lan nilai sosial saka adicara Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi?

Panaliten iki nduweni rong tujuwan, yaiku  (1) njlentrehake kepriye tata rakiting lan ubarampe Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi (2) njlentrehake aspek religius lan nilai sosial Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi kanggo bebrayan Kecamatan Muncar. (3) Tumrap panaliti, panaliti bisa mangerteni apa wae tujuan lan kepriye tumindake adicara Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi.

Paedahe saka panaliten iki yaiku: (a) Tumrap pendhidhikan menehi sumbang kawruh ing babagan kabudayan lan kususe tradhisi Jawa awujud panaliten tradhisi pethik laut; (b) Tumrap masyarakat Banyuwangi bisa melu ngleluri kabudayan, mligine tradhisi “Pethik Laut” ing kecamatan Muncar kabupaten Banyuwangi; (c) Tumrap panaliti, panaliti mangerteni apa wae tujuan lan kepriye tumindake adicara Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi.

Panaliten iki migunakake metode  deskriptif kualitatif.Metode deskriptif  yaiku metode ngumpulake data nggunakake cara nggawe gambaran, lukisan sacara sistematis, aktual lan akurat ngenani data-data kanggo mangerteni fenomena sosial kaya Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi. Objek panaliten iki yaiku Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi.Papan panaliten iki ing Tempat Pelelangan Ikan (TPI) Kecamatan Muncar. Sumber data panaliten yaiku adicara puncak Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi lan asil wawanrembug karo narasumber. Cara ngumpulake data ana patang teknik, yaiku teknik observasi, wawanrembug, dokumentasi lan rekaman. Cara nganalisis data ana patang tahap, yaiku 1) Ngumpulake data sing wis ana;  2) Milah lan milih data; 3) Klasifikasi data; 4) Penganalisisan data sawise diklasifikasikake.

Adicara Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi minangka adicara ungkapan sukur marang Allah SWT sing wis paring rejeki. Acara iki diwiwiti nggawe sesajen dening sesepuh adat sing biasa disebut pawang. Nalika nggawe sesajen, dicepakake prau cilik kanggo wadahe sesajen sing diarani gitik. Sajen diarak ngani tekan papan pawiyatan yaiku Tempat Pelelangan Ikan (TPI).Tekan TPI, sesajen dipapag dening penari Gandrung cacah enem. Adicara dibacutake nyisipake pancing emas ing ilate wedhus kendhit dening Bapak Bupati.Sabanjure, iring-iringan prau hias mlaku tumuju Sembulungan. Tekan Sembulungan, sakabehing prau mandheg sedhela kanggo nglarung sesajen. Ritual katutup dening slametan lan dunga bareng.Lan ubarampe sing kudu dicepakake yaiku 1) Endhas wedhus kendhit; 2) Jajan pasar; 3) Woh-wohan; 4) Gedhang mentah; 5) Pancing emas; 6) Sega tumpeng manca warna; 7) Sega gurih diubengi sega kuning; 8) Pitik panggang;9) Kolak kencana lan jenang takir; 10) Pitik jago (urip); 11) Menyan; 12) Beras kuning; 13) Kupat lepet;   14) Tebu ireng.

Aspek religiusitas saka adicara Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi iki isih kenthel corak-corak agama sing diaplikasekake ing adicara kasebut. Nilai sosial saka adicara Tradhisi Pethik Laut ing Kecamatan Muncar Kabupaten Banyuwangi akeh banget. Rasa kerukunan saka sakabehing pangikutagama sing beda-beda isih katon jelas ing adicara iki. Anane rembug desa milih panitiya, pangumpulanndana, sunatan masal lan liya-liyane.

Published
2013-05-22
How to Cite
HARJA S, D. (2013). TRADHISI PETHIK LAUT ING KECAMATAN MUNCAR KABUPATEN BANYUWANGI. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(2). https://doi.org/10.26740/job.v1n2.p%p
Abstract Views: 31
PDF Downloads: 28