TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN "MANGGA TRESNA BUDAYA" RADIO MTB FM SURABAYA

  • HENDRA SETIAWAN

Abstract

 

 

ABSTRAK 

 

 

Basa minangka sarana komunikasi, saka basa mitra tutur bisa mangerteni apa sing dikarepake dening penutur. Sakabehane tumindak manungsa mesthi ana gegayutane karo basa, kaya ta menehi warta, mrintah, ngajak, lan sapanunggalane. Uga ana ngendi-ngendi panggonan kaya ing pasar, ing dalan, ing radio, lan liya-liyane. Saka andharan ana ndhuwur bisa dimangerteni, yen basa ora bisa ucul saka panguripane manungsa. Uga panulis milih radio ing panliten iki, amarga panulis mangerteni yen radio iku sarana media sing luwih akeh gawe pangucap basa tinimbang media liyane. Radio uga digawe pawongan gawe atur salam, pesen lelagon, lan sapanunggale. Panulis bakal nintingi kagunan tindak tutur ing giyaran “Mangga Tresna Budaya” radio MTB FM diwawas sacara teori pragmatik. Amarga pragmatik minangka ilmu basa sing ngandharake ngenani maksud tindak tutur saka penutur lan gegayutan banget karo apa kang diucapake dening penutur. Panliten iki sipate deskriptif. Dhata kang ana ing panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan yaiku sing diucapake dening penyiar MTB FM “Mangga Tresna Budaya”, banjur ditulis tangan iki kalebu dhata primer lan ana dhata sekunder sing dijupuk saka buku, kamus, jurnal, makalah, karya ilmiah, lan sapanunggale sing gegayutan karo punjering panliten. Sumber dhatane yaiku sumber substantive lan sumber lokasional. Tata cara nglumpukake dhata nganggo observasi, wawancara lan nyatet. Tata cara ngandharake nganggo metode konteks lan teks, dene njlentrehake dhata kanthi cara deskriptif.

Published
2013-05-22
How to Cite
SETIAWAN, H. (2013). TINDAK TUTUR PENYIAR ING GIYARAN "MANGGA TRESNA BUDAYA" RADIO MTB FM SURABAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(2). https://doi.org/10.26740/job.v1n2.p%p
Abstract Views: 40
PDF Downloads: 31