ALURE CERBUNG "GARISING PEPESTHEN" ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL

  • DHEININGGAR GUSTIDA NARISWARI

Abstract

 

 

Abstrak

Cerbung “Garising Pepesthen” anggitane Suroso Bc. Hk mujudake crita kang narik kawigaten, mligine yaiku ing babagan alur. Alur kang dipunjerake sajroning crita iki yaiku suspense, surprise lan konflik. Konflik nyebabake anane suspense lan surprise sajroning crita iki. Bab mau katitik saka anane suspense, surprise, lan konflik kang diandharake kanthi apik.

Adhedhasar lelandhesane panliten iku, mula bisa ditetepake underane panliten, yaiku: (1) kepriye strukture alur sajroning cerbung “Garising Pepesthen”? (2) kepriye gegebengane alur sajroning cerbung “Garising Pepesthen”? Ancase panliten iki, yaiku: (1) njlentrehake strukture alur sajroning cerbung “Garising Pepesthen”; (2) njlentrehake gegebengane alur sajroning cerbung “Garising Pepesthen”. Paedah ing panliten iki, yaiku: (1) Sastra Jawa Modern; (2) piwulang sastra; (3) pamaos.

Metode kang digunakake ing panliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Sumber data ing panliten iki yaiku cerbung “Garising Pepesthen” anggitane Suroso Bc. Hk kang kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat, edhisi 22-36, taun 2012. Data ing panliten iki yaiku tetembungan lan ukara ing cerbung “Garising Pepesthen” kang gegayutan karo alur. Data kang dikumpulake kanthi cara studi pustaka. Tata cara nganalisis data nggunakake metode analisis deskriptif lan analisis struktur, kang nggunakake teori struktural kang dipunjerake ing perangan alur.

Asiling panliten iki nuduhake manawa alur ing cerbung “Garising Pepesthen” nengsemake saengga bisa nggawe gregeten. Konflik batin lan konflik antarane paraga kang dumadi ing cerbung “Garising Pepesthen” amarga disebabake dening dr. Anggun kang ora disarujuki sesambungan karo Endah Ratriningsih. Suspense kang diandharake bisa nuwuhake rasa kepengin ngerti lan penasaran marang dalan uripe paraga dr. Anggun. Surprise kang ana ing cerbung iki gawe kecelik. Ni Luh Lusiningtyas ora bisa nerusake sesambungan karo dr. Anggun, amarga Ni Luh Lusiningtyas jebule adhine dr. Anggun.

Published
2013-05-23
How to Cite
GUSTIDA NARISWARI, D. (2013). ALURE CERBUNG "GARISING PEPESTHEN" ANGGITANE SUROSO Bc. Hk : TINTINGAN STRUKTURAL. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(2). https://doi.org/10.26740/job.v1n2.p%p
Abstract Views: 63
PDF Downloads: 53