PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG "REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG" ANGGITANE SUNARKO BUDIMANTintingan Strukturalisme Genetik

  • DHITA PUSPITASARI SUKENDRO

Abstract

 

 

ABSTRAK

 

Reriptan sastra mujudake gegambaran saka kasunyatan minangka kaca benggalaning bebrayan kang makili kahanan lan kedadeyan kang dumadi ing sakiwa tengene. Salah sawijine yaiku cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Sunarko Budiman kang nyritakake ngenani gegambaran patriarkhi kang isih dumadi ing panguripan sosial masyarakat kang wis modern kaya saiki, mligine ing masyarakat Jawa. Patriarkhi sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang digambarake lumantar sawijining bale wisma saka kulawarga kang nduweni pendhidhikan dhuwur. Sistem patriarkhi isih dianut dening para pawongan sajroning kulawarga kasebut senajan kabeh padha nduweni pendhidhikan kang dhuwur. Adhedhasar kahanan kasebut, cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang iki bakal kadhudhah kanthi tintingan strukturalisme genetik kang nggayutake sastra, masyarakat, lan pangriptane.

Prekara kang dadi underaning panliten iki, yaiku: (1) kepriye gegambaran patriarkhi sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang?; (2) kepriye pamawase Sunarko Budiman ngenani patriarkhi?; (3) kepriye pamawase masyarakat ngenani patriarkhi?; lan (4) kepriye pamawase jagad sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang?

Adhedhasar underaning panliten ing ndhuwur, panliten iki nduweni ancas kanggo: (1) ngandharake gegambaran patriarkhi sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang; (2) ngandharake pamawase Sunarko Budiman ngenani patriarkhi; (3) ngandharake pamawase masyarakat ngenani patriarkhi; lan (4) ngandharake pamawase jagad sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang. Panliten iki kaajab bisa aweh paedah tumrap sastra Jawa modern, mligine tumrap pangrembakaning ilmu sastra, tumrap piwulangan sastra, lan tumrap para pamaos.

Panliten iki nggunakake ancangan kualitatif dheskriptif. Data sajroning panliten iki arupa tembung-tembung lan ukara kang nggambarake patriarkhi kang dijupuk saka sumber data, yaiku cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang anggitane Sunarko Budiman kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya wiwit edhisi Minggu IV Oktober 2011 nganti edhisi Minggu II Mei 2012. Data-data kasebut dikumpulake kanthi teknik studi kapustakan, teknik waca pilih cathet, lan teknik wawancara. Analisis data kang digunakake sajroning panliten iki yaiku teknik analisis dheskriptif analitik, dene teori kang digunakake yaiku strukturalisme genetik kang uga disengkuyung dening teori hermeneutik lan resepsi sastra.

Asiling panliten nuduhake manawa patriarkhi mujudake tatanan sosial masyarakat kang kagambar sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang. Patriarkhi minangka sistem kekeluargaan kang isih dianut dening masyarakat nganti saiki, mligine masyarakat Jawa. Sistem kasebut manggonake kalungguhane wong lanang minangka pemimpin utawa kepala sajroning kulawarga lan masyarakat. Patriarkhi nggambarake anane dominasi wong lanang marang wong wadon. Konsep patriarkhi muncul amarga wong lanang kapengin nguwasani wong wadon kanthi sawernaning cara. Kahanan kang kaya mangkono kagambar kanthi cetha sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang . Wujud utawa tumindak kang nuduhake gegambaran patriarkhi sajroning cerbung Rembulan Ndhuwur Blumbang, ing antarane yaiku jejodhoan, pagaweyan tumrap wong wadon, gumantung marang wong lanang, lan tumindake wong lanang kang sawenang-wenang. Cerbung kasebut nggambarake akibat utawa sisi negatif saka pangetrapan patriarkhi, amarga sajroning cerbung dicritakake manawa wong lanang minangka kepala kulawarga ora duwe tanggung jawab sarta tumindak sawenang-wenang marang anak lan  bojone amarga rumangsa paling kuwasa sajroning kulawargane.

Published
2013-05-23
How to Cite
PUSPITASARI SUKENDRO, D. (2013). PATRIARKHI SAJRONING CERBUNG "REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG" ANGGITANE SUNARKO BUDIMANTintingan Strukturalisme Genetik. JOB (Jurnal Online Baradha), 1(2). https://doi.org/10.26740/job.v1n2.p%p
Abstract Views: 60
PDF Downloads: 63