PEPINDHAN SAJRONE CERKAK-CERKAK ING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT TAHUN 1984

  • NIKEN SURYADARI

Abstract

Abstrak

Pepindhan mujudake sawijine lelewane basa kang isih kerep digunakake pangripta sajrone reriptan sastra. Pepindhan digunakake pangripta kanggo nambahi kaendahan reriptan sastrane. Pepindhan kang arupa bebasan, saloka, candra, lan sanepa sajrone cerkak durung tau ditliti. Adhedhasar bab kasebut, panliten iki ditindakake kanggo ngerteni panganggone pepindhan sajrone cerkak-cerkak ing kalawarti PS taun 1984.

Underane panliten iki yaiku ngenani wujude pepindhan sajrone cerkak-cerkak ing kalawarti PS taun 1984 kang arupa bebasan, saloka, candra, lan sanepa, sarta fungsine pepindhan tumrap cerkak-cerkak ing majalah PS taun 1984. Adhedhasar underane panliten, ancase panliten iki ngandharake wujude pepindhan sajrone cerkak-cerkak ing kalawarti PS taun 1984 kang arupa bebasan, saloka, candra, lan sanepa, sarta fungsine pepindhan tumrap cerkak-cerkak ing majalah PS taun 1984. Paedah teoritis panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung pangrembakane sastra Jawa modern lan menehi sumbangsih tumrap pangrembakane kajian stilistika ngenani lelewane basa, mligine panganggone pepindhan sajrone reriptan sastra. Dene paedah praktis panliten iki yaiku menehi referensi tumrap panliten liyane, ngrembakakake kreatifitase pangripta lan pamaca, sarta ngrembakakake materi ajar piwulangan basa Jawa ing sekolah ngenani wujude pepindhan sajrone reriptan sastra Jawa modern kang asipat fiksi.

Panliten ngenani panganggone pepindhan sajrone reriptan sastra iki kalebu ing jinise panliten deskriptif, lan kagolong panliten kang asipat sinkronis. Kajian kang digunakake ing panliten iki yaiku kajian stilistik. Teori kang digunakake yaiku teori lelewa basane Keraf. Data sajrone panliten iki arupa tembung, frase, utawa ukara kang ngandhut pepindhan. Sumber data sajrone panlite iki asale saka cerkak-cerkak ing majalah PS taun 1984. Tata cara panglumpuke data sajrone panliten iki kanthi metode waca, cathet, lan studi kapustakan. Tata cara pangolahe data sajrone panliten iki kanthi metode klasifikasi, deskripsi, lan substitusi. Tata cara panulise asile panliten kanthi informal.

Asile panliten iki nuduhake yen pangripta cerkak-cerkak ing majalah PS taun 1984 isih nggunakake pepindhan sajrone reriptan sastrane. Pepindhan kang kerep digunakake pangripta yaiku arupa bebasan, saloka, candra, lan sanepa. Pepindhan digunakake pangripta sajrone reriptan sastrane kanggo nuwuhake kesan tartamtu tumrap pamacane. Panganggone pepindhan sajrone reriptan sastra nduweni sawijine fungsi yaiku, bisa nambahi kaendahane reriptan sastra.

Tembung wigati   : pepindhan, bebasan, saloka, candra, sanepa, lelewane basa.

Published
2014-08-19
How to Cite
SURYADARI, N. (2014). PEPINDHAN SAJRONE CERKAK-CERKAK ING KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT TAHUN 1984. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 61
PDF Downloads: 36