TINDAK TUTUR MENGING ING DESA WAUNG, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG

  • NURHANDRIANA

Abstract

ABSTRAK

 

Panliten tumrap Tindak Tutur wis kerep katindakake dening pamarsudi basa. Nanging panliten kasebut durung ana kang mligi ngrembug Tindak Tutur Menging. Panliten sadurunge ngrembug tindak tutur kang digandhengake karo basa lan kesantunane ing masyarakat daerah tartamtu. Panliten kasebut mung mligi ngandharake ngenani basa lan kesantunan tindak tutur kang diperang miturut umur, jinis kelamin, lan status sosiale. Adhedhasar bab kasebut, underane panliten iki yaiku Apa wae jinise tindak tutur menging adhedhasar lageyane panutur ing masyarakat Desa Waung, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung, lan apa wae jinise tindak tutur menging adhedhasar pananggape mitra tutur ing masyarakat Desa Waung, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung? Tujuwane paliten iki, yaiku kanggo njlentrehake jinise tindak tutur menging adhedhasar lageyane panutur lan pananggape mitra tutur ing masyarakat desa Waung, kecamatan Boyolangu, kabupaten Tulungagung.

Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku teori tindak tutur Brown lan Levinson.. Teori iki njlentrehake yen tindak tutur lan kasantunan ditemtokake kanthi cara kontekstual, sosial, lan kultural sing jangkepe dadi skala (1) jarak sosial; (2) status sosial panutur lan mitra tutur, lan (3) tindak tutur utawa bobot imposisi.

Panliten tindak tutur menging iki dilebokake jinis etnografi awit ngrembug basa kang disambungake karo konteks sosial ing masyarakat. Panliten iki asipat dialektif lan deskriptif. Sumber dhatane asale saka cathetan lan rekaman alamiah warga Desa Waung, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung lan panliti minangka panutur asli basa jawa. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak lan guneman. Tatacarane njlentrehake dhata kanthi metodhe kategoris, teks lan konteks. Dene tatacara nyuguhake jlentrehan dhata kanthi deskriptif lan informal.

                   Jinise TTM adhedhasar lageyane panutur diperang dadi wolu yaiku (1) blaka langsung karana solah bawa,(2) blaka ora langsung karana solah bawa,(3) ora blaka langsung karana solah bawa, (4) ora blaka ora langsung karana solah bawa,(5) blaka langsung karana pocapan,(6) blaka ora langsung karana pocapan,(7) ora blaka langsung karana pocapan, lan(8) ora blaka ora langsung karana pocapan.. Dene jinise TTM adhedhasar pananggape mitratutur ana papat yaiku (1) katampa katindakake, (2) katampa ora katindakake, (3) katampik katindakake lan (4) katampik ora katindakake.

 

Tembung wigati: tindak tutur menging, lageyane panutur, pananggepe mitratutur lan konteks sosial.

 

 

ABSTRAK

 

Tindak tutur melarang termasuk tindak tutur direktif yang masih digunakan dan sering dijumpai di masyarakat. Tindak tutur melarang dilakukan oleh panutur untuk mengingatkan dan membenarkan tindakan yang kurang benar dalam masyarakat. Jenis tindak tutur melarang berdasarkan gaya panutur dan respon mitratutur belum pernah diteliti. Dua dasar tersebut mempunyai hubungan dengan referensi, struktur sosial, relasi sosial, norma sosial dan situasi sosial.

                   Pokok masalah penelitian ini yaitu apa saja jenis tindak tutur melarang berdasarkan gaya panutur dan respon mitratutur di masyarakat Desa Waung, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung. Berdasarkan pokok masalah penelitian, tujuan penelitian ini menjelaskan jenis tindak tutur melarangberdasarkan gaya panutur dan respon mitratutur di masyarakat Desa Waung, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung. Fungsi teoretis penelitian ini untuk mengembangkan ilmu pragmatik dan memberi sumbangsih terhadap ilmu sintaksis mengenai kalimat larangan. Fungsi praktis untuk menambah wawasan dengan jelas dan benar  mengenai tindak tutur melarang.

                   Penelitian tindak tutur melarang ini dimasukkan jenis etnografi karena membahas bahasa yang dihubungkan dengan konteks sosial di masyarakat. Penelitian ini bersifat dialektif dan deskriptif. Teori yang digunakan yaitu teori tindak tutur Brown dan Levinson. Data penelitian ini diambil peneliti di lapangan. Sumber datanya berasal dari catatan dan rekaman alamiah  warga Desa Waung, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung. Tatacara mengumpulkan data dengan metode simak dan cakap. Tatacara menganalisis dhata dengan metode kategoris, teks dan konteks.Tatacara menyajikan analisis dhata dengan deskriptif dan informal.

                   Jenis tindak tutur melarang berdasarkan gaya panutur dibagi menjadi delapan  yaitu (1)terbuka langsung karena tindakan, (2)terbuka tidak langsung karena tindakan, (3) tidak terbuka langsung karena tindakan, (4) tidak terbuka tidak langsung karena tindakan, (5) terbuka langsung karena tuturan, (6) terbuka tidak langsung karena tuturan, (7) tidak terbuka langsung karena tuturan dan (8) tidak terbuka tidak langsung karena tuturan. Jenis tindak tutur melarang berdasarkan respon mitratutur yaitu (1) tindak tutur melarang yang diterima lalu dilakukan, (2) diterima tapi tidak dilakukan, (3) ditolak lalu dilakukan, dan (4) ditolak tidak dilakukan.

Published
2014-08-19
How to Cite
NURHANDRIANA,. (2014). TINDAK TUTUR MENGING ING DESA WAUNG, KECAMATAN BOYOLANGU, KABUPATEN TULUNGAGUNG. JOB (Jurnal Online Baradha), 2(3). https://doi.org/10.26740/job.v2n3.p%p
Abstract Views: 18
PDF Downloads: 12