SERAT LOKAJAYA LAN FILM KALIJAGA(TINTINGAN ALIH WAHANA)

  • INDI LARASATI

Abstract

Abstrak

 

Serat Lokajaya lan Film Kalijaga yaiku karya sastra kang nyritakake lelakone urip Raden Said kang lagi nggoleki sejatine bebener. Serat Lokajaya salah sawijine serat kang awujud tembang kang diandharake awujud tulisan-tulisan. Film Lokajaya yaiku karya sastra kang awujud adegan-adegan lan fisualisasi. Film Kalijaga disutradarai dening Wiratmaja, lan diproduksi dening Tobali Indah Film, tahun 1984. Struktur carita film saemper karo serat Lokajaya. Paraga utama ing film lan serat uga padha yaiku Raden Said. Kekarone uga nggangkat crita ngenani Sunan Kalijaga  minangka salah sawijine wali ing tanah Jawa. Mula saka iku, supaya katon bedane antarane kekarone bakal ditliti kanthi kajian alih wahana. 

Adhedhasar andharan kasebut, underaneng panliten sajrone panliten iki yaiku (1) Kepriye struktur crita Serat Lokajaya? (2) Kepriye struktur crita film Kalijaga? (3) Kepriye Alih Wahana carita serat menyang film? (4) kepriye nilai-nilai kang ana ing Serat Lokajaya lan Film Kalijaga.Tujuwan panliten yaiku, (1) Ndheskripseake struktur carita Serat Lokajaya. (2) Ndheskripseake struktur crita film Kalijaga. (3) Ndheskripseake Alih Wahana carita Serat Lokajaya menyang Film Kalijaga, (4) Ndheskripseake nilai-nilai nilai kang ana ing Serat Lokajaya lan Film Kalijaga.

Paedah panliten sajrone panliten iki yaiku: minangka panliten anyar ngenani tintingan alih wahana yaiku Serat Lokajaya lan film Kalijaga. Tumrap panliten, bisa nambahi wawasan ngenani alih wahana. Tumrap pamaca, bisa menehi kawruh sajrone mahami karya sastra serat lan film kanthi ngunakakke tintingan alih wahana, minangka referensi kanggo penliten sateruse.

Tintingan kapustakan kang digunakake ing panliten iki yaiku tintingan alih wahana. Tintingan alih Wahan kang digunakake ing panliten iki nggunakake teori saka Damono yaiku mbedakake rong kesenian kang wujude beda. Kanggo mbedakake antarane rong kesenian iku bakal diandharake kanthi teori struktural. kang munjerake babagan (1) tema, (2) alur, (3) paraga lan pamaragane, (4) setting, (5) nilai.

Selaras karo tujuwan panlitene, panliten iki mujudake panliten kualitatif deskriptif. Objek panliten iki ana loro yaiku: (1) struktur serat lokajaya, kanthi sumber tulisan, lan dialog paragane. (2) struktur film Kalijaga kanthi sumber visualisasi obahe awak, dialog, lan kahanan. Teknik kang digunakake kanggo ngumpulake dhata yaiku; (1)Nemtokake perkara kang arep dianalisis.(2)

Maca Serat Lokajaya (Anonim) lan ngamati film Kalijaga; (3)Ngidhentifikasi prakara kang kinandhut sajrone serat lan film; lan (4) Nyathet dhata kang wis ditemtokake lan cundhuk karo undering panliten

Saka panliten iki bisa didudut telung bab kang slaras karo underaneng panliten. Dudutan kapisan ngenani Struktur crita serat Lokajaya, Struktur crita film Kalijaga , bedane serat Lokajaya lan film Kalijaga. Dudutan kaping pindho yaiku Serat lokajaya nggunakake Alur Maju lan film Kalijaga nggunakake alur Campuran, serat lokajaya ngatonake pamaraga Raden Said kang wis nduweni garwa lan putra, paraga kang dikatonake garwa lan putrane dudu ibu lan adhine. Film kalijaga ngatonake yen Raden Said isih jaka lan durung duwe garwa, paraga kang dikatonake ibune lan adhine dudu garwa lan putrane. Seting kang katon beda yaiku ing serat lokajaya papan kanggo semedi iku ing jrone alas, dene film kalijaga papan kanggo semedi lan ngresiki batin iku dikubur urip-urip. Dudutan kang pungkasan yaiku Serat lokajaya lan film kalijaga minangka Karya sastra kang sejajar, kaloro carita iku karya seni kang nduweni crita kang padha. Nanging, nduweni tujuan kang beda yaiku serat lokajaya luwih ngatonake carita lelakone Raden Said kang nakal sadurunge dadi Wali lan mentingake nilai-nilai kang ana ing serat. Film Kalijaga ngatonake kritik tumrap pemerintahan lumantar paraga Raden Said.

Kata Kunci: Alih wahana,serat,film,basa Jawa,

Published
2015-01-15
How to Cite
LARASATI, I. (2015). SERAT LOKAJAYA LAN FILM KALIJAGA(TINTINGAN ALIH WAHANA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 53
PDF Downloads: 22