SET LAN KOLOKASI NGENANI CACADE AWAK

  • NURUL CHAMIDAH

Abstract

Abstrak

Set ing kene nggolongake samubarang sing ana sajrone papan panggonan, uga bisa dingerteni kahanan wujud awake manungsa kang kurang sampurna ing sawijine panggonan kasebut. Mula panliten iki ngenani set lan kolokasi ngenani cacade awak ing Desa Candipari Kecamatan Porong Kabupaten Sidoarjo. Punjere panliten iki, yaiku: (1) Apa wae jinise sesambungan paradhigmatik ing set? (2) Apa wae jinise sesambungan sintagmatik ing kolokasi? Kanthi adhedhasar punjere panliten, tujuwan ing panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake jinise sipat sesambungan paradhigmatik  ing set lan sipat sesambungan sintagmatik ing kolokasi. Saengga bisa kanggo ngerteni set lan kolokasi ngenani cacade awak ing Desa Candipari Kecamatan Porong Kabupaten Sidoarjo.

Paedah ing panliten iki bisaa migunani ing babagan set lan kolokasi ngenani cacade awak kang awujud basa. Panliten iki kagolong panliten linguistik kang sipate dheskriptif. Panliten iki nduweni obyek setunggal atus tigang dasa tiga tembung sajrone cacade awak antarane yaiku, buthak, nggandhen, jendhol, peyang, penceng, gimbal, brintik, kriwul, njegrag, cemet, amba, bunder, puret, pithet, budheg, njeber, amba, nonong, penjol, maju, amba, nggambreng, penceng, kandel, picek, kera,  wuta, kiyer, sipit, mendolo, amba, bunder, pesek, grumpung, nyeprok, njeber, penceng, kempong, kempot, gembil, gugut, cathis, maju, malang, njeber, ngodhok, kokop, amba, ndoweh, ndombleh, njodhir, perot, penceng, kandel, kepleh, angisi, njegrag, prongos, gingsul, gigis, maju, banyak, gundhek, panggel, jemblong, bekel, busung, kadut, bunder, dengkek, mringkus, amba, bungkuk, sangkuk, dengkeng, amba, sengkleh, bodong, njenthit, tepos, bunder, bembeng, dengkeng, thekle, ceko, puntung, gedhe, bengkong, kithing, ciker, bujel, bengkong, gedhe, bembem, lincip, gedhe, ngungkal, njeber, gedhe, penthong, wagah, buntung, bengkong, gedhe, nggandhul, garing, gedhe, nggajah, gedhe, nggajah, garing, gedhe, kithing, ciker, bujel, bengkong, gedhe, ngungkal, gerang, njeber, burik, kriput, kasap, kusi, kriput, kasap, mbekisik, mblodhok, mbengkerok, kasap, pecah-pecah, kriput lan kasap. 

  Dhata ing panliten iki diklumpukake kanthi cara teknik sadap, simak libat cakap, simak bebas libat cakap, pancing, rekam, lan cathet. Asil panliten iki nuduhake yen set lan kolokasi ngenani cacade awak nduweni sesambungan paradhigmatik kang dijlentrehake lumantar tabel-tabel lan tegese tembung kang ana ngenani cacade awak. Saliyane iku, uga bisa digoleki drajad pepadhane. Sipate sesambungan paradhigmatik ing set kaperang dadi loro, yaiku kang asipat netep lan asipat ora netep. Banjur sipat sesambungan sintagmatik sipate ana telu, yaiku dhistribusi, enkapsulasi lan ekstensi. Asile panliten iki nuduhake yen tembung kang sipate netep ing set bakal nduweni sipat enkapsulasi lan ekstensi ing kolokasi. Sipate tembung kang ora netep ing set nuduhake sipat dhistribusi ing kolokasine.

 

Kata Kunci: set, kolokasi, cacade awak

 

Published
2015-01-15
How to Cite
CHAMIDAH, N. (2015). SET LAN KOLOKASI NGENANI CACADE AWAK. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 105
PDF Downloads: 24