REGISTER BASA JAWA ING TWITTER

  • PUSPITA APRILIANI

Abstract

Abstrak

 

Register minangka salah sawijine ragam basa sing digunakake sajrone interaksi sosial kanggo ngungkapake pikiranlan pangrasa. Anane panliten ngenani register ing twitter iki amarga saka anane kelompok sosial sing nggunakake twitter minangka medhia komunikasi dening wong siji tumrap liyane. Adhedhasar babagan ing ndhuwur, ana ing panliten iki bakal diandharake (1) kaya apa wujud ragam basa Jawa ing twitter, (2) kepriye wujud register basa Jawa ing twitter. Tujuwan saka panliten iki yaiku kanggo mangerteni kepriye wujud basa Jawa ing twitter lan wujud register ing twitter.

Teori sing digunakake ing panliten iki yaiku teori sosiolinguistik sing kalebu variasi basa. Hudson sing ngandharake register lumantar telung dimensi yaiku, maksud (field), arti (mode) Ian hubungan (tenor). Panliten iki nggunakake metodhe panliten etnografi. Yaiku salah sawijine metodhe kanggo nliti basa. Amarga dhata kasebut asipat valid lan reliable

                Wujude “Register Basa Jawa ing Twitter” maneka werna. Mula saka akehe werna register diperang dadi papat yaiku, (1) ragam ngoko, (2) ragam ngoko madya, (3) ragam krama, (4) ragam campuran (ngoko-Indonesia). Wujud register kang diperang dadi telung sub bagian register, yaiku wujud, tujuwan, lan Stuktur basa. Perangan mau miturut latar belakang social, kagunan lan anane basa kang manekawerna. Kang kalebu wujud yaiku, (1) Cekakan, (2) Basa Plesedan, (3) Parikan, (4) Basa Serepan, (5) Kanca kaliyan kanca sing padha umure, (6) Wong enom marang wong tuwa, (7) Wong tuwa marang wong enom, (8) Pakaryan kang padha, (9)  jinis kelamin kang padha (10) Jinis kelamin kang beda, (11) tingkat sosial, (12) Tingkat Ekonomi, (13) Latar Belakang Pendhidhikan, (14) Kahanan kang Padha. Adhedhasar tujuwan yaiku (1) Nyemoni, (2) Takon, (3) prentah, (4) atur panuwun. Kang pungkasan yaiku adhedhasar struktur basa sajrone register jejaring sosial twitter. Jinise ukara kang ana ing sajrone register twitter kanthi nggunakake basa Jawa yaiku ukara lamba lan ukara jangkep.

 

Kata Kunci: Register, basa Jawa, twitter

Published
2015-01-15
How to Cite
APRILIANI, P. (2015). REGISTER BASA JAWA ING TWITTER. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 37
PDF Downloads: 16