NOVEL REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE NARKO "SODRUN" BUDIMAN (Tintingan Sosiologi Sastra)

  • SHOLIKHATUL FITRIYAH

Abstract

ABSTRAK

 

Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang iki kadhudhah kanthi tintingan sosiologi sastra Wellek & Warren kanggo nintingi prakara-prakara sosiologis kang ana sajroning novel. Panliten iki kalebu kritik sastra, nggunakake pendekatan intrinsik kanthi metode analisis teks. Metode analisis teks digunakake kanggo mangerteni strukture novel sarta kanggo mahami luwih jero ngenani gejala sosial kang ana ing sanjabane sastra. Asile panliten nuduhake yen novel Rembulan Ndhuwur Blumbang kalebu karya sastra realis, amarga salaras karo kanyatan kang nggambarake kahanan masyarakat ing jaman saiki yaiku ngenani panguripan sajrone rumah tangga sing nuwuhake prakara-prakara sosial yaiku wong lanang patrape kasar, ngopeni anak kuwajibane wanita, wong lanang nengenake “okol” tinimbang “akal”, lan wong lanang ora ngajeni wanita. Novel Rembulan Ndhuwur Blumbang migunani tumrap pamacane ing antarane minangka sarana hiburan, minangka sarana piwulang, lan uga sacara ora langsung menehi pituduh anane budaya patriachal jroning masyarakat Jawa.

 

Tembung wigati : novel, struktur naratif, sosiologi sastra, patriarki

Published
2015-01-22
How to Cite
FITRIYAH, S. (2015). NOVEL REMBULAN NDHUWUR BLUMBANG ANGGITANE NARKO "SODRUN" BUDIMAN (Tintingan Sosiologi Sastra). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 58
PDF Downloads: 61