KAJIAN STILISTIKA TUMRAP GINEM WAYANG SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT DENING DHALANG KI MANTEP SUDHARSONO

  • SABRINA RINA AYUNANI

Abstract

Abstrak

Objek kajian stilistika kang asring ditliti dening mahasiswa basa dhaerah yaiku sastra kang tinulis kayata cerkak, cerbung utawa geguritan. Nanging sajrone panliten iki objek kajian stilistika yaiku pagelaran wayang kanthi lakon sastra jendra hayuningrat.

Panliten iki nyoba nggoleki babagan stilistika kang tinemu sajrone lakon wayang sastra jendra hayuningrat. Prakara kang bakal dijupuk yaiku kepriye pamilihe tembung, lelewane basa, lan purwakanthi kang tinemu sajrone lakon wayang Sastra Jendra Hayuningrat dening dhalang Ki Manteb Sudharsono. Dene tujuwan saka panliten iki yaiku nemokake pamilihe tembung, lelewane basa, lan purwakanthi kang tinemu sajrone lakon wayang Sastra Jendra Hayuningrat dening dhalang Ki Manteb Sudharsono.

Panliten iki asipat deskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten awujud translate video wayang sastra jendra hayuningrat dening dhalang Ki Manteb Sudharsono. Dhata kang dianggo yaiku dhata tulis awujud dialog antarane paraga wayang. Teknik kang dianggo ngumpulake dhata yaiku teknik nyemak-nyathet. Dene, analisis dhata nggunakake kajian stilistika.

Asil panliten nuduhake (1) pamilihe tembung kang digunakake dhalang Ki Manteb Sudharsono sajrone translate video wayang sastra jendra hayuningrat ana 9. (2) Lelewane basa kang digunakake dhalang Ki Manteb Sudharsono sajrone translate video wayang sastra jendra hayuningrat ana 22. (3) Purwakanthi kang digunakake dhalang Ki Manteb Sudharsono sajrone translate video wayang sastra jendra hayuningrat ana 4.

 

Abstrak

Objek kajian stilistika yang sering diteliti oleh mahasiswa bahasa daerah adalah sastra yang tertulis, contohnya cerpen, cerbung, atau puisi. Tetapi dalam penelitian ini objek kajian stilistika adalah pementasan wayang dengan lakon sastra jendra hayuningrat.

Penelitian ini mencoba mencari aspek stilistika yang terdapat dalam lakon wayang sastra jendra hayuningrat. Adapun masalah yang akan dicari adalah bagaimana pilihan kata, gaya bahasa, dan purwakanthi yang terdapat dalam lakon wayang sastra jendra hayuningrat dengan dalang Ki Manteb Sudharsono. Sedangkan, tujuan yang ingin dicapai adalah menemukan pilihan kata, gaya bahasa, dan purwakanthi yang terdapat dalam lakon wayang sastra jendra hayuningrat dengan dalang Ki Manteb Sudharsono.

Penelitian ini bersifat deskriptif kualitatif. Sumber data penelitian berupa translate video wayang sastra jendra hayuningrat dengan dalang Ki Manteb Sudharsono. Data yang digunakan adalah data tertulis berupa dialog antar tokoh-tokoh wayang. Teknik pengumpulan data menggunakan teknik simak catat. Sedangkan, analisis data dengan menggunakan teori stilistika.

Hasil penelitian menunjukkan (1) pilihan kata yang digunakan dalang Ki Manteb Sudharsono dalam translate video wayang sastra jendra hayuningrat ada 9. (2) Lelewane basa yang digunakan dalang Ki Manteb Sudharsono dalam translate video wayang sastra jendra hayuningrat ada 22. (3) Purwakanthi yang digunakan dalang Ki Manteb Sudharsono dalam translate video wayang sastra jendra hayuningrat ada 4.

Kata Kunci: ginem wayang, Sastra Jendra Hayuningrat, pilihan kata, gaya bahasa, purwakanthi

Published
2015-01-23
How to Cite
RINA AYUNANI, S. (2015). KAJIAN STILISTIKA TUMRAP GINEM WAYANG SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT DENING DHALANG KI MANTEP SUDHARSONO. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 95
PDF Downloads: 50