PAMILIHE TEMBUNG LAN LELEWAN BASA SAJRONE LIRIK CARITA BASA USING NAWI BKL INAK ANGGITANE ANTARIKSAWAN JUSUF LAN HANI Z. NOOR

  • TRI NUR MEILASARI

Abstract

ABSTRAK

 

Crita diarani lirik carita amarga durung tau ana sing kaya mangkene format panulisane. Yen diarani basanan dudu, wangsalan dudu, diarani guritan ya dudu. Yen ing basa Indonesia ana Prosa Liris, formate luwih bebas nanging dudu kaya pada-pada ing parikan. Carita iki yen diarani basanan utawa parikan ya kurang cocog. Jenenge parikan biyasane ana sampiran lan isi, uga bisa mung sak pada. Sawetara tulisan iki ora ana sampirane, uga critane nyambung kaya dene prosa liris. Lelandhesane pamawas kasebut, yaiku sajrone lirik carita tinemu sawijine esensi kaendahan lumantar wewujudan pamile tembung lan tata rakite tembung-tembunge. Lirik carita arang bisa tinemu ing kasustraan kang nggunakake basa maneka warna. Salah sijine lirik carita kang dadi objeke panliti, yaiku lirik carita NAWI BKL INAH. Reriptan sastra kasebut pinilih dening panliti dadi objeke panliten iki kanthi saperangan kaluwihan. Karya iki diripta dening Antariksawan Jusuf lan Hani Z. Noor ing taun 2013 kanthi kandel 224 kaca, 112 kaca nggunakake basa Using lan 112 liyane nggunakake basa Indonesia.

Underan sajrone panliten iki kaya mangkene. (1) Kepriye wujud pamilihe tembung (diksi) sajrone lirik carita basa Using NAWI BKL INAH anggitane Antariksawan Jusuf lan Hani Z. Noor. (2) Kepriye wujud lelawane basa (gaya bahasa) sajrone lirik carita basa Using NAWI BKL INAH anggitane Antariksawan Jusuf lan Hani Z. Noor.

Panliten kang ditindakake kanthi objek lirik carita basa Using NAWI BKL INAH iki asipat kualitatif lan nggunakake pamarekan stilistika. Metode kang digunakake sajrone analisis data, yaiku metode simak minangka cara pamacane reriptan sastra. Datane panliten iki awujud pethikan-pethikan ukara lan uga pustaka.

Panliten iki nuduhake asil yen lirik carita NAWI BKL INAH nuduhake pamilihe tembung kang maneka warna, kayata pepindhan, citraan, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru swara, rima pungkasan, tembung camboran, antonim, hiponim, makna denotatif, lan konotatif. Lelewane basa kang tinemu sajrone lirik carita NAWI BKL INAH, kayata lelewane basa asindenton, pleonasme, repetisi, tautologi, simile,  personifikasi, paradoks, eufimisme, pararima,  antithesis, lan apofasis

Published
2015-01-27
How to Cite
NUR MEILASARI, T. (2015). PAMILIHE TEMBUNG LAN LELEWAN BASA SAJRONE LIRIK CARITA BASA USING NAWI BKL INAK ANGGITANE ANTARIKSAWAN JUSUF LAN HANI Z. NOOR. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 48
PDF Downloads: 16