PIWULANG AGAMA SAJRONE NASKAH DARAH MURTASIYAH ( Tintingan Filologi )

  • ENGGAR SOSOTYANINGSIH

Abstract

Abstrak 

 

Jagading sastra kang jembar minangka asiling kasusatran Jawa kang tuwuh ing masyarakat. Kasusastran Jawa ora bisa uwal saka masyarakat lan panguripane. Kasusastran mujudake pangilon saka kedadeyan-kedadeyan nyata sajrone uripe manungsa. Mula anane kasusastran tuwuh ing madyane bebrayan  ora uwal saka pangripta lan masyarakate. Pangrembakane kasusastran gumantung saka masyarakat panyengkuyunge. Undheraning prekara kang pinilih sajrone panliten yaiku: (1) Kepriye wujud lan isi naskah  Cerita Darah Murtasiyah, (2) Kepriye suntingan teks naskah  Cerita Darah Murtasiyah, (3) Kepriye piwulang agama sajrone naskah Cerita Darah Murtasiyah. Kanthi undheraning panliten, mula bisa dijupuk ancasing panliten ing antarane: (1) Jlentrehake wujud lan isi naskah  Cerita Darah Murtasiyah, (2) Ngandharake suntingan teks naskah  Cerita Darah Murtasiyah, (3) Ngandharake piwulang agama kang kinandhut sajrone naskah  Cerita Darah Murtasiyah. Paedahing panliten iki kang utama yaiku asiling panliten dikarepake nduweni piguna lan referensi sastra kang gegayutan karo naskah lawas. Kajaba iku panliten iki bisa kanggo piranti kanggo nguri-uri kasusastran Jawa lan piwulang agama kang kinandhut sajrone naskah uga bisa menehi kawruh tumrap para pamaca supaya bisa nyinaoni luwih jero maneh kawruh agama.Kanggo ngonceki undherane panliten ngenani naskah Cerita Darah Murtasiyah iki nggunakake teori  filologi, struktur puisi, piwulang agama. Teori kang digunakake sajrone panliten yaiku teori filologi modern lan struktur puisi. Konsep piwulang agama digunakake kanggo medharake isi kandhutan sajrone naskah Cerita Darah Murtasiyah.Panliten iki nggunakake metode deskriptif analitik, sajrone kritik teks nggunakake pamarekan filologi modern kanthi edisi diplomatik.Teori kang digunakake yaiku teori hermeneutika kanthi napsirake makna kang ana sajrone teks. Data-data sajrone panliten iki dikumpulake kanthi teknik kartu data lan catatan kang nggunakake kartu pangumpul data sarta buku cathetan. Asiling panliten nuduhake deskripsi naskah, wujude naskah, suntingan naskah, sarta isine naskah Cerita Darah Murtasiyah. Piwulang agama sajrone panliten iki diperang dadi telung wujud yaiku syariah, akidah lan akhlak. Syariah sajrone naskah Cerita Darah Murtasiyah yaiku nindakake shalat, maca syahadat nindakake dzakat, mangun bale wisma, rasa welas marang anak yatim, tobat, narima karsaning Allah. Sajrone naskah Cerita Darah Murtasiyah  iki kang kalebu bab akidah yaiku pangriptaane donya lan saisine, anane dina kiyamat, anane malaikat. Akhlak sajrone naskah Cerita Darah Murtasiyah yaiku ngabekti marang Gusti Allah, ngabekti marang wong lanang sajrone balewisma, narima ing pandum, jujur, sabar, budi luhur. Piwulang agama diajab supaya dadi sarana panggulawentah tumrap sakabehe manungsa ing donya bisa ngecakake laku bener lan pener sajrone urip bebrayan.

 

Tembung wigati: piwulang agama, filologi, hermeneutika.

Published
2015-01-29
How to Cite
SOSOTYANINGSIH, E. (2015). PIWULANG AGAMA SAJRONE NASKAH DARAH MURTASIYAH ( Tintingan Filologi ). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 36
PDF Downloads: 20