REGISTER BLANTIK SAPI ANA PASAR KEWAN KECAMATAN PUJON KABUPATEN MALANG ( Tintingan Sosiolinguistik )

  • DENDANG DEWI WULANDARI

Abstract

ABSTRAK

 

Basa minangka sarana kanggo komunikasi lan medharake pikir, uneg-uneg lan uga panrasa. Sakabehane solah bawa manungsa ing pasrawungan, ora bisa dipisahake saka guneman marang wong liyan. Senadyan manungsa mau bisu, nanging isih bisa nggunakake basa isyarat kangge guneman. Sakabehe kasunyatan mau nuduhake yen basa sawijining sarana kang banget migunani. Amarga krana basa, manungsa uga bisa nyukupi sandhang pangan lan uga bisa paring pitulung becik marang wong liya.

            Saka lelandhesaning panliten kasebut, mula antuk underaning panliten yaiku (1) kepriye wernane basa lan wujud tembung-tembung apa wae kang digunakake Blantik Sapi sajroning dol tinuku, (2) Kepriye basane Blantik Sapi ning Desa Pujon, rikala kulak warta bab reregan Sapi, (3) Kaya ngapa modhel basa promosi Blantik Sapi ing Desa Pujon kecamatan Pujon kabupaten Malang, (4) Kaya ngapa wujud basa kang nandhani dadine dol tinuku ing kalangane profesi Blantik Sapi.

            Kagiyatan panliten iki nggunakake ancangan metode deskriptif kualitatif.Sumber dhatane yaiku saka gunemane para Blantik Sapi nalika dol tinuku Sapi ing Pasar Kewan Pujon. Dhata ing  panliten iki arupa tembung, lan ukara kang di enggo dening Blantik Sapi nalika dol tinuku Sapi ing Pasar Kewan Pujon. Panliten iki nggunakake tekhnik simak, rekam lan nyathet.

Asile panliten iki yaiku bisa kadudut intisaka basane Blantik Sapi kaya mangkene Ragam basa kang diangggo yaiku ragam basa campuran kayata nalika transaksi ana ragam ngoko, lan ragam ngoko-krama. Ragam basa nalika Promosi yaiku, Ragam ngoko, ragam ngoko-krama, ragam ngoko-indonesia. Banjur ana tetembungan kang mung awujud abang-abang lambe lan uga ana campuran dialek dhaerah kayata dialek malangan lan dialek Sundha.

            Wujud alih kode sing digunakake dening para blantik sapi, yaiku Alih kode intern kang nggunakake ragam krama ngoko, ragam ngoko krama, ragam basa Indonesia basa Jawa, ragam basa Jawa basa Indonesia. Sebab-sebab alih kode yaiku penutur lan mitra tutur. Alasan anggene nggunakake alih kode yaiku kepingin ndadekake pasrawungan supaya luwih gayeng, lan pengarue saka abang-abang lambe. Uga tujuwan anggene masyarakat BLS nggunakake alih kode yaiku, kepingin nyindir mitra tutur, negesake maksud tartamtu lan prestise.

Wujud campur kode  kang dianggo dening para blantik sapi yaiku campur kode negatif yaiku ragam ngoko basa Indonesia, ragam ngoko-krama, ragam ngoko arab. Banjur campur kode intern yaiku basa Jawa basa Indonesia, ragam ngoko krama, ragam ngoko dialek malangan lan ragam krama dialek malangan. Alasan nggunakake campur kode yaiku, ora ana tembung utawa ungkapan liya, lan ngganti basa kang ora kena dibasakake. Tujuwane yaiku, supaya nggampangake mitra tutur ngerteni karepe penutur, menehi swasana sing santai lan uga nuduhake prestise.

 

Tembung Wigati : Alih kode, Campur kkode Register Blantik Sapi

Published
2015-01-29
How to Cite
DEWI WULANDARI, D. (2015). REGISTER BLANTIK SAPI ANA PASAR KEWAN KECAMATAN PUJON KABUPATEN MALANG ( Tintingan Sosiolinguistik ). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(1). https://doi.org/10.26740/job.v3n1.p%p
Abstract Views: 68
PDF Downloads: 31