PROBLEM KAJIWANE PARAGA UTAMA SAJRONE NOVEL NALIKA REMBULAN PANGLONG ANGGITANE TIWIEK SA

  • YOHAN PRANDANA

Abstract

PROBLEM KAJIWANE PARAGA UTAMA SAJRONE NOVEL NALIKA REMBULAN PANGLONG ANGGITANE TIWIEK SA

TINTINGAN PSIKOLOGI SASTRA

Yohan Prandana

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya

Jojest_crept@yahoo.com

 

Prof. Dr. Darni, M.Hum

Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya

 

Abstrak

Manungsa nduweni kapribadhen kang ora padha antarane siji lan sijine. Kanthi kapribadhen kang ora padha kasebut ana saperangan wong kang nggawe karya sastra ngenani psikologise manungsa. Salah sawijine karya sastra kasebut yaiku novel Nalika Rembulan Panglong.

Novel Nalika Rembulan Panglong anggitane Tiwiek S.A nuduhake kakuwatan perangan problem kajiwan kang dialami dening paraga utama. Prastawa mbaka prastawa dumadi lan nuwuhake problem utawa konflik saengga mujudake babagan kang dhominan sajrone panliten kasebut.

Andharan ing panliten iki ngandharake ngenani struktur kapribadhen, problem, lan mekanisme pertahanan ego. Panliten iki nggunakake tintingan psikologi sastra mligine nggunakake teori struktur kapribadhene Sigmund Freud.

   Prekara kang dadi underane panliten, yaiku (1) kepriye struktur kapribadhen paraga Warno Kemplu ing novel Nalika Rembulan Panglong anggitane Tiwiek SA?; (2) kepriye problem kang dialami dening paraga Warno Kemplu ing novel Nalika Rembulan Panglong anggitane Tiwiek SA?; lan (3) kepriye mekanisme pertahanan ego paraga Warno Kemplu ing novel Nalika Rembulan Panglong anggitane Tiwiek SA. Adhedhasar underane panliten ing ndhuwur, panliten iki nduweni ancas kanggo: (1) ngerteni struktur kapribadhen paraga Warno Kemplu ing novel Nalika Rembulan Panglong anggitane Tiwiek SA; (2) ngerteni problem kang dialami dening paraga Warno Kemplu ing novel Nalika Rembulan Panglong anggitane Tiwiek SA; lan (3) ngerteni mekanisme pertahanan ego paraga Warno Kemplu ing novel Nalika Rembulan Panglong anggitane Tiwiek SA. Panliten iki kaajab bisa aweh paedah marang pihak-pihak ing antarane: (1) tumrap Sastra Jawa Modern yaiku kaajab bisa nambah sumbangsih panliten minangka wujud saka kritik sastra ing kasusastran Jawa Modern, mligine nintingi problem kajiwane paraga sajrone karya sastra supaya panliti bisa mbombong atine pangripta supaya bisa luwih krenteg anggone ngripta karya sastra awujud novel lan karya sastra liyane; (2) tumrap pamaos, bisa menehi pangerten lan nambah wawasan marang pamaos ngenani piguna tintingan psikologi sastra kanggo ngonceki karya sastra. Panliten iki uga kaajab bisa menehi tuntunan marang pamaos kanggo mangerteni isi saka carita sajrone karya sastra; (3) tumrap piwulangan sastra, Paedahe panliten iki tumrap piwulangan sastra ing SMA/SMP utawa sederajad yaiku kaajab bisa dadi bahan kanggo piwulangan ngenani apresiasi karya sastra, mligine ngenani konflik batin utawa problem kajiwan kang ana sajrone novel. Paedahe panliten kang kapindho yaiku tumrap piwulangan sastra ing Perguruan Tinggi, kaajab bisa paring pambiyantu tumrap mahasiswa nalika nyinaoni sastra, mligine yaiku ngenani kajian psikologi sastra.

Published
2015-05-27
How to Cite
PRANDANA, Y. (2015). PROBLEM KAJIWANE PARAGA UTAMA SAJRONE NOVEL NALIKA REMBULAN PANGLONG ANGGITANE TIWIEK SA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 60
PDF Downloads: 35