MITOS LAN MISTIS SAJRONING CRITA SILAT DREDAH ING PADHEPOKAN SUKMA ILANG ANGGITANE WIDODO BASUKI

  • ALFIATUS SOLIKHAH

Abstract

MITOS LAN MISTIS SAJRONING CRITA SILAT DREDAH ING PADHEPOKAN SUKMA ILANG ANGGITANE WIDODO BASUKI

Alfiatus Solikhah, Dra Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Alfiatussolikhah31@gmail.com

Abstrak

 

Crita silat Dredah Ing Padhepokan Sukma Ilanganggitane Widodo Basukinyritakake paraga Jayakusuma minangka pemudha sing maguru ing Padhepokan Sukma Ilang. Kanthi kasektene, Jayakusuma bisa numpes angkara murka kang ditindakake paraga Glugut Bumi kang gawe dredah. Kabeh lakune crita ora bisa uwal saka anane mitos lan mistik kang gegayutan karo panguripane masyarakat Jawa. Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, tujuwane panliten iki yaiku(1) Njlentrehake wujud wangunaning carita sajrone crita silat DIPSI,(2) Njlentrehake wujud mitos kang dipercaya dening masyarakat sajrone crita silat kasebut, lan (3) Njlentrehake wujud mistis kang ngrembaka sajrone crita silat kasebut.

Ancangan panliten iki nggunakake metode deskriptif kualitatif amrih bisa menehi gambaran kang gamblang lan objektif ngenani mitos lan mistis sajrone crita silat DIPSI. Sumber data sajrone panliten iki yaiku crita silat kanthi irah-irahanDredah ing Padhepokan Sukma Ilang angggitane Widodo Basukiditerbitake dening Penerbit Paramarta taun 2013. Teori kang digunakake minangka landhesan kanggo mawas prakara-prakara mau yaiku tintingan antropologi sastra kang diandharake dening Ratna. Data-data kang digunakake sajrone panliten arupa tembung-tembung, ukara, lan wacana kang ana ing sajrone DIPSI mligine kang nggambarake wujude carita, mitos, lan mistis. Tata cara panglumpuking data sajrone panliten iki nggunakake teknik pustaka lan wawancara.

Asile panliten iki bisa didudut telung bab kang laras karo underane panliten. (1) Wujud wangunaning carita sajrone crita silat ditintingi saka paraga lan pamaragan, lan tema. Ora kabeh paraga kang dirembug, nanging kapilih enem paraga kang luwih asring dikatonake ing saben babak carita lan dadi punjere prakara. Sabanjure ngenani tema dibedakake dadi loro miturut jinise, yaiku tema mayor lan tema minor. Tema mayor kang kinandhut yaiku tema  masyarakat Jawa ora bisa uwal saka anane mitos. Dene tema minor ana lima, yaiku tema katresnan sejati, tema panguripane masyarakat padesan, tema pangurbanan, tema kasetyan, lan tema kawicaksanan. (2) Wujud mitos kang dipercaya dening masyarakat sajrone crita silat DIPSI ana papat, yaiku percaya marang petilasan (petilasane Celeng Srenggi, lan Guwa Gambir), sirikan, dina becik kanggo nindakake pakaryan, lan percaya marang pralambang impen. (3) Wujud mistis kang ngrembaka sajrone crita silat DIPSI bisa kawawas kanthi anane: asung sesaji kanggo ngurmati para leluhur, kedadeyan kang medeni, ilmu gaib kang nuwuhake kasekten, bangsa alus kang njaga sawijining papan, kesurupan, pusaka minangka samubarang kang nduweni kasekten, semedi bisa nuwuhake katentremaning jiwa langegambaran kasampurnaning urip. Babagan kasebut isih ngrembaka sajrone panguripane masyarakat Jawa, mligine sajrone crita silat DIPSI.

Published
2015-05-27
How to Cite
SOLIKHAH, A. (2015). MITOS LAN MISTIS SAJRONING CRITA SILAT DREDAH ING PADHEPOKAN SUKMA ILANG ANGGITANE WIDODO BASUKI. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 46
PDF Downloads: 41