NILAI BUDAYA ING SERAT ANGLINGDARMA ANGGITANE DURAHKEMAT (TINTINGAN FILOLOGI)

  • WAHYU SAYOGYA RANI

Abstract

NILAI KABUDAYAN ING SERAT ANGLINGDARMA ANGGITANE DURAHKEMAT

TINTINGAN FILOLOGI 

Wahyu Sayogya Rani, Dra. Suwarni, M.Pd.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

gijoz.star@gmail.com

Abstrak

 

Kasusastran Jawa minangka asil karya para pangripta sing medharake sakabehe kadadeyan ing masyarakat. Salah sawijine asil karya kasebut yaiku Serat Anglingdarma. Serat iki mujudake salah sawijine sastra Jawa lawas sing nduweni wujud naskah. Adhedhasar pangrembakane sastra Jawa, Serat iki kalebu asil karya saka sastra Jawa klasik. Serat iki minangka wakil karya sastra sing nggambarake nilai-nilai budaya Jawa. Mula saka iku, panliti milih serat iki kanggo panliten kanthi irah-irahan Nilai Budaya ing Serat Anglingdarma anggitane Durahkemat.

Adhedhasar andharan ing ndhuwur, underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye deskripsine Serat Anglingdarma?, (2)Kepriye suntingan teks sajrone Serat Anglingdarma?, (3) Apa wae nilai-nilai kebudayaan sajrone Serat Anglingdarma sing bisa dadi tutunan ing urip bebrayan?. Dene tujuan panliten iki yaiku: (1) Ngandharake deskripsine Serat Anglingdarma, (2) Ngandharake suntingan teks sajrone Serat Anglingdarma, (3) Ngandharake nilai-nilai kebudayaan sajrone Serat Anglingdarma sing bisa dadi tutunan ing urip bebrayan?. Paedah saka panliten iki yaiku: (1) Kanggo panliti, muga bisa ngecakake kawruh sing wis disinaoni mligine ngenani filologi, (2) Kanggo para pamaos, panliten iki muga bisa didadekake dalan kanggo mangerteni kasusastran Jawa, (3) Kanggo para mahasiswa, muga panliten iki bisa dadi acuan pasinaonan ngenani kasusastran Jawa, (4) Kanggo pelajar sastra, panliten iki muga bisa didadekake sumber informasi kasusastran Jawa.

Panliten iki nggunakake teori filologi minangka salah Anggone nganalisi uga mbutuhake tapsiran yaiku teori hermeneutika. Kasusastran perlu ditapsirake jalaran nggunakake basa, amarga sajrone basa mau akeh banget makna sing sumimpen utawa sengaja disimpen. Panliti nggunakake metode deskriptif kualitatif. Nalikane nyunting teks nggunakake metode naskah tunggal kanthi nggunakake edisi diplomatik Konsep nilai-nilai budaya Jawa nggunakake pawase Djamaris. Sumber dhata sing digunakake ing panliten iki yaiku naskah lawas sing nduwe irah-irahan Serat Anglingdarma. Dhata ing panliten iki yaiku sakabehe tembung-tembung sing nduweni sesambungan karo nilai budaya Jawa.

Asil saka panliten iki ngandharake ngenani deskripsi naskah, suntingan teks, lan nilai-nilai budaya sing ana ing Serat Anglingdarma. Panyeratan serat iki bis dimangerteni kanthi gamblang, yaiku ing dinan Slasa pahing, tanggal 24, wayah nyerat jam 3 wengi. Dina iku lan wektu iku panulis sing nduwe asma Durahkemat miwiti nulis serat Anglingdarma Naskah iki ditulis nggunakake aksara Jawa, lan awujud tembang sing kawangun saka 21 pupuh, 604 pada lan 4866 gatra. Kahanan tulisan naskah ing Serat Anglingdarma isih cetha lan bisa kawaca kanthi gamblang tanpa ana tulisan sing mblobor. Seratan sing kurang bisa diwaca yaiku ing kaca 188. Nanging, basa lan tulisane isih bisa diwaca kanthi cetha. Kanggo ganti pupuh ana loro nganti papat tanda pangajapa, yen ganti pada ana sak tanda pangajapa.

Suntingan teks ditindakake kanthi mbenerake kaluputan nalika nyerat utawa njarwa teks. Suntingan teks ing panliten iki mung nggunakake 2 pada saka 21 pada lan jumlah tembung sing disunting ana 87 tembung. Tembung-tembung sing dianggep luput, banjur dibenerake ing aparat kritik. Sawise dibenerake, banjur diwenehi komentar. Sawise nindakake suntingan teks, panliti ngandharake lan nganalisis nilai-nilai budaya sing ana ing Serat Anglingdarma iki. Nilai-nilai budaya kaperang dadi lima yaiku: (1) nilai budaya sing nduweni sesambungan antara manungsa karo Gusti, (2) nilai budaya sing nduweni sesambungan antara maungsa karo alam, (3) nilai budaya sing nduweni sesambungan antara manungsa karo liyan, (4) nilai budaya sing nduweni sesambungan antara manungsa karo masyarakat, (5) nilai budaya sing nduweni sesambungan antara karo kaca benggala panguripane manungsa dhewe.

Tembung Wigati: Serat Anglingdarma, Nilai Budaya Jawa.

Published
2015-05-27
How to Cite
SAYOGYA RANI, W. (2015). NILAI BUDAYA ING SERAT ANGLINGDARMA ANGGITANE DURAHKEMAT (TINTINGAN FILOLOGI). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 69
PDF Downloads: 48