PURIK SAJRONE CERBUNG OMAH ANGGITANE WIDODO BASUKI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • NABELLA INTAN PERMATASARI

Abstract

PURIK SAJRONE CERBUNG OMAH ANGGITANE WIDODO BASUKI

(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

Nabella Intan Permatasari, Drs. Bambang Purnomo, M.S

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

nabella.intan8@gmail.com

Abstrak

Cerita sambung Omah anggitane Widodo Basuki nyritakake lelakone Rahina, guru honorer ing sawijining SD swasta, kang manggon neng omah kontrakan. Rahina kepengin duwe omah dhewe, banjur dheweke golek samben kanggo nyukupi kebutuhane, nganti direwangi dadi makelar. Pepenginane Rahina kuwi nuwuhake perkara ing bale wismane nganti njalari purike paraga wanita.

Adhedhasar landhesan panliten kasebut, underane panliten iki yaiku; 1) kepriye paraga lan pamaragan ing cerbung Omah; 2) kepriye gegambaran purik sajrone cerbung Omah lan 3) kepriye gegayutane purik ing cerbung Omah karo kanyatan ing bebrayan. Adhedhasar underane panliten kasebut, mula tujuwane panliten yaiku; 1) ngandharake paraga lan pamaragan ing cerbung Omah; 2) ngandharake gegambaran purik sajrone cerbung Omah lan 3) ngandharake gegayutane purik ing cerbung Omah karo kanyatan ing bebrayan. Saka andharan mau, cerbung Omah cocog yen dianalisis nganggo tintingan Sosiologi Sastra. 

Panliten iki kalebu panliten deskriptif kualitatif. Sumber dhata arupa dhata primer lan dhata sekunder. Dhata primer arupa cerbung Omah lan dhata sekunder arupa buku literatur lan artikel-artikel saka koran lan internet. Tata cara sajrone nglumpukake dhata nggunakake metode kapustakan sarta teknik maca lan nyathet. Panliten uga iki nggunakake teknik analisis deskriptif.

Asile panliten kapisan ngenani paraga lan pamaragan. Paraga utama ana telu yaiku Rahina, Andarini lan Suryarini. Paraga liyane dadi paraga tambahan. Teknik panggambaraning paraga kanthi teknik analitik lan teknik dramatik. Underan kapindho ngenani gegambaran purik sajrone cerbung Omah kang diperang dadi telu ing antarane; 1) wujude purik kang bisa diperang dadi lunga mung ninggal pesen lan lunga nggawa anak; 2) pawadane tumindak purik diperang dadi telu yaiku butarepan, kurange kawigaten, lan lara ati klawan tumindake sisihane. Saka pawadan-pawadan tumindak purik kuwi bisa nuwuhake rasa mutunge wanita, nesu lan sengol; 3) cara ngrampungake perkara purik ana telu yaiku kanthi cara menehi pangerten, mapag lan sadhar. Dene underan sing pungkasan yaiku gegayutane purik ing cerbung Omah lan kanyatan ing bebrayan ana loro. Bab iku bisa dideleng saka; 1) pawadane tumindak purike wanita sajrone cerbung Omah lan kanyatan ing bebrayan; 2) cara ngrampungake perkara purik wanita sajrone cerbung Omah lan kanyatan ing bebrayan. Saka rong perangan mau pranyata pawadan lan cara mungkasi perkara purik sajrone cerbung Omah lan sing ana ing kanyatan bebrayan nduweni bab sing meh padha.

Published
2015-05-27
How to Cite
INTAN PERMATASARI, N. (2015). PURIK SAJRONE CERBUNG OMAH ANGGITANE WIDODO BASUKI (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 72
PDF Downloads: 59