MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI

  • MEY ZAHROH FIRDAUS

Abstract

MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI

Mey Zahroh Firdaus, Prof. Dr. Darni, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

meyzaphe@gmail.com

Abstrak

Crita sambung Nggayuh Lintang anggitane Tiyasti mujudake salah sawijine asiling pangeriptan ngenani kedadeyan sajrone panguripan manungsa. Cerbung iki didadekake bahan panliten amarga cerbung ngandhut tema moralitas kang ana gegayutane karo tumindake manungsa ing panguripan. Moral ing sajrone karya sastra lumrahe nggambarake wawasane pangripta babagan nilai-nilai kabecikan. Manungsa kudu nduweni tumindak kang becik lan pener sajroning panguripan kang nyata.

Underane panliten iki yaiku (1) kepriye gegambarane moralitas kang kawedhar sajrone cerbung Nggayuh Lintang; (2) kepriye fungsi moral sajrone cerbung Nggayuh Lintang; (3) Kepriye sesambungane moralitas ing cerbung Nggayuh Lintang karo realitas sosial yen digayutake ing bebrayan? Selaras karo undere panliten dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake gegambarane moralitas; (2) ngandharake fungsi moral; (3) Ngandharake sesambungane moralitas ing cerbung Nggayuh Lintang karo realitas sosial yen digayutake ing bebrayan. Paedahe panliten yaiku nyengkuyung lan ngrembakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaos lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure. Teori analisis kang digunakake ing panliten iki ana rong perangan yaiku teori Held lan Rostiawati ngenani moral lan sing dadi landhesane teori kanggo nggayutake moralitas karo realitas sosial yaiku tintingan sosiologi sastra dening Ian Watt.

Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa crita sambung kanthi irah-irahan Nggayuh Lintang anggitane Tiyasti. Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone cerbung Nggayuh Lintang. Olehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis.

Asile panliten iki bisa diperang dadi telu adhedhasar underane panliten. Sepisan, gegambarane moralitas kang kawedhar ing cerbung Nggayuh Lintang bisa diperang ana sanga (1) rasa percaya, (2) moral jroning urun rembug, (3) moral jroning kaputusan rasional, (4) ajining Dhiri, (5) tanggung Jawab, (6) mandireng dhiri, 7) moral jroning kasudiran, 8) lembah manah, 9) realitas lan kritis. Kaloro, fungsi moral sajrone cerbung kasebut ana lima (1) fungsi pendhidhikan, (2) fungsi sosial, (3) fungsi budaya, (4) fungsi ekonomi, (5) fungsi sejarah. Katelu, sesambungan moralitas ing cerbung Nggayuh Lintang karo realitas sosial yen digayutake ing bebrayan.

Tembung wigati: moralitas, fungsi moral, realitas sosial.

Published
2015-05-27
How to Cite
ZAHROH FIRDAUS, M. (2015). MORALITAS SAJRONE CERBUNG NGGAYUH LINTANG ANGGITANE TIYASTI. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 35
PDF Downloads: 12