KONFLIK BATINE PARAGA SAJRONE NOVEL "DUDU KEMBANG SWARGA" ANGGITANE BAMBANG HERMANTO (TINTINGAN STRUKTURAL)

  • CITRA PUSPITA SARI

Abstract

KONFLIK BATINE PARAGA SAJRONE NOVEL “DUDU KEMBANG SWARGA” ANGGITANE BAMBANG HERMANTO TINTINGAN STRUKTURAL

Citra Puspita Sari, Prof. Dr. Darni, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

phinora22@yahoo.co.id

Abstrak

Novel “Dudu Kembang Swarga” (DKS) anggitane Bambang Hermanto nggambarake konflik batin kang dialami dening para paragane. Prastawa-prastawa kang dumadi ing novel iki nuwuhake konflik batine para paragane. Konflik minangka unsur kang onjo sajrone novel kasebut, mula panliten iki ditliti nggunakake teori Struktural.

Undherane panliten iki yaiku (1) kepriye konflik batin kang dialami dening para paraga? (2) kepriye sikape paraga kanggo ngadhepi konflik kang dialami? (3) kepriye pungkasane konflik kang dialami paraga? Undheran panliten kasebut nuwuhake tujuwane panliten yaiku (1) ngandharake konflik batin kang dialami dening para paraga; (2) ngandharake sikape paraga kanggo ngadhepi konflik kang dialami; (3) ngandharake pungkasane konflik kang dialami paraga. Paedahe panliten iki yaiku (1) tumrap sastra Jawa modern, panliten iki nduweni paedah kanggo nyengkuyung pangrembakane karya-karya sastra Jawa modern; (2) tumrap piwulang sastra, bisa digunakake bahan pasinaon apresiasi lan bisa didadekake sumber informasi ngenani kritik sastra; (3) tumrap pamaos, bisa nambahi kawruh ngenani perangane karya sastra, pigunane tintingan struktural kanggo ngonceki karya sastra lan uga menehi krenteg supaya luwih gampang anggone ngerteni lan mahami isi kang kinandhut ing novel DKS.

Metodhe kang digunakake ing panliten iki yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten iki arupa novel “Dudu Kembang Swarga” anggitane Bambang Hermanto taun 2013. Dhata panliten iki awujud tembung, frasa, utawa ukara kang ngandhut konflik batin para paragane. Tata cara ngumpulake dhata ing panliten iki nggunakake teknik kapustakan. Tata cara ngolah dhata yaiku kanthi metodhe analisis isi.

Asile panliten diperang dadi telu. Kapisan, wujude konflik batin kang dialami dening para paraga, kayata wedi, kuciwa, kuwatir, cubriya, bingung, rasa salah, kaget, mangkel, lan getun. Kapindho, ngenani sikape paraga kanggo ngadhepi konflik kang dialami, kayata sabar, blaka, ngapusi, lan muntab. Kaping telu, yaiku pungkasane konflik kang dialami para paraga kang awujud pungkasan kang nyedhihake (sad ending). Pungkasan kang nyedhihake (sad ending) yaiku Abas ora bisa menehi sepura marang ibu mara tuwane kang wis nundhung lunga Retno Marlangen lan Retno Marlangen ora gelem diajak bali karo Abas amarga ngrumangsani yen dheweke iku minangka wanita kang ora setya, kebak dosa, lan dudu ibu kang becik tumrap anake.

Published
2015-05-27
How to Cite
PUSPITA SARI, C. (2015). KONFLIK BATINE PARAGA SAJRONE NOVEL "DUDU KEMBANG SWARGA" ANGGITANE BAMBANG HERMANTO (TINTINGAN STRUKTURAL). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 98
PDF Downloads: 51