KRITIK SOSIAL SAJRONE RAMPADAN CERKAK GARA-GARA KAGIRI-GIRI ANGGITANE DJAJUS PETE (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)

  • HAMDAN SYAUQI

Abstract

KRITIK SOSIAL SAJRONE RAMPADAN CERKAK GARA-GARA KAGIRI-GIRI

ANGGITANE DJAJUS PETE: TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA

Hamdan Syauqi, Drs. Bambang Purnomo, M.S.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

hamdansyauqi02@gmail.com

Abstrak

      Rampadan cerkak Gara-Gara Kagiri-Giri  anggitane Djajus Pete ngandhut kritik sosial sing pinunjul. Kritik sosial sing diandharake dening pangripta mujudake gegambaran kang nyata sajrone urip bebrayan saben dinane. Kritik sosial sing kinandhut yaiku ngenani kritik tumrap para panguwasa, kritik tumrap tata pemerintahan, kritik tumrap kahanane kawula cilik lan kritik tumrap congkrahe kulawarga. Kadadeyan kaya mengkono mau lumrah dumadi ing sawijine negara. Pangripta njupuk kritik sosial lan diwujudake simbol amerga ngaca saka kadadeyan kang nyata ing masyarakat, jalaran reriptan sastra mujudake kaca benggala urip bebrayane masyarakat.

      Underane panliten iki yaiku (1) kritik sosial apa wae kang ana sajrone rampadan cerkak GGKG; (2) kepriye wujude puitika simbolik sajrone rampadan cerkak GGKG; (3) kepriye gegambarane kritik sosial kang ana sajrone rampadan cerkak GGKG kalawan kadadeyan kang nyata ing bebrayane masyarakat; (4) Kepriye nilai-nilai sosial kang kinandhut sajrone rampadan cerkak GGKG. Selaras karo undere paliten dingerteni tujuwan saka panliten iki yaiku (1) ngandharake wujude kritik sosial; (2) ngandharake wujude puitika simbolik sajrone rampadan cerkak; (3) njlentrehake gegambarane kritik sosial kalawan kadadeyan kang nyata; sarta ngandharake nilai-nilai sosial sing ana sajrone rampadan cerkak. Paedahe panliten yaiku ngrembakake panliten sastra mligine sastra Jawa modern, bisa nambahi kawruh tumrap pamaca lan bisa didadekake bahan rujukan dening panliti sabanjure. Teori sing digunakake yaiku teori sosiologi sastra kang diandharake dening Ian Watt.

      Metodhe sing digunakake sajrone panliten yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhatane panliten arupa rampadan cerkak GGKG  lan pawarta ing internet. Dhatane panliten yaiku frase, tembung lan ukara sajrone rampadan cerkak GGKG. Olehe nglumpukake dhata kasebut digunakake teknik kapustakan. Kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata digunakake metodhe deskriptif analisis.

      Asile panliten iki bisa diperang dadi papat. Sepisan, wujude kritik sosial sing ana sajrone rampadan cerkak GGKG kang ditintingi karo tintingan sosiologi sastra iku bisa diperang dadi pitu, yaiku (1)Panguwasa sing gumedhe lan mung apik ing tata laire,(2) Panguwasa sing serakah lan tumindak sawiyah-wiyah marang kawulane, (3) Panguwasa sing korupsi lan Senang Ngumbar Janji, (4) Kahanane pamrintahan sing awut-awutan, (5) Kahanane kawula cilik sing Tansah Katindhes, (6) Cecongkrahan sajrone Kulawarga, (7) Rajapati. Dene sing kapindho yaiku wujude puitika simbolik sing kaperang dadi loro yaiku, (1) Simbol jagade pewayangan, lan (2) Simbol jagade kewan. Andharan katelu yaiku gegayutane kritik sosial kalawan kadadeyan nyata ing bebrayan, lan sing pungkasan yaiku ngandharake nilai-nilai sosial sing kinandhut sajrone rampadan cerkak GGKG

Published
2015-05-27
How to Cite
SYAUQI, H. (2015). KRITIK SOSIAL SAJRONE RAMPADAN CERKAK GARA-GARA KAGIRI-GIRI ANGGITANE DJAJUS PETE (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 75
PDF Downloads: 43