RASA KUWATIRE PARAGA UTAMA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK TREM ANGGITANE SUPARTO BRATA (TINTINGAN PSIKOANALISIS SASTRA)

  • NISWATUL LATIFAH

Abstract

RASA KUWATIRE PARAGA UTAMA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK TREM

ANGGITANE SUPARTRO BRATA

Niswatul Latifah, Prof. Dr. Darni, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Anisokta_streetdance@ymail.com

Abstrak

 

Antologi cerkak Trem anggitane Suparto Brata onjo ing babagan problem kajiwan. Problem kajiwan ing antologi cerkak kasebut padha yaiku rasa kuwatir kang disandhang dening para paraga utama. Problem kajiwan kasebut tuwuh amarga anane struktur kapribadhen ego kang ala lan nerak paugeran. Kanggo nuruti pepinginane (Id), para paraga utama nindakake samubarang kanthi cara kang beda ing saben cerkak. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, antologi cerkak iki narik kawigaten kanggo ditliti mawa tintingan psikoanalisis Sigmund Freud.

Underane panliten iki yaiku (1) Kepriye struktur kapribadhene paraga utama? (2) Kepriye problem kajiwane paraga utama? (3) Apa kang nyebabake paraga utama nduweni problem kajiwan? (4) Apa mekanisme pertahanan ego kanggo mungkasi prakara kang disandhang dening paraga utama?. Ancas saka panliten iki yaiku (1) Ngandharake struktur kapribadhene paraga utama, (2) Ngandharake problem kajiwane paraga utama. (3) Ngandharake apa kang nyebabake paraga utama nduweni problem kajiwan, (4) Ngandharake apa mekanisme pertahanan ego kanggo mungkasi prakara kang disandhang dening paraga utama.

Panliten iki dikarepake bisa menehi paedah tumrap (1) Sastra Jawa modern kang gegayutan karo pangrembakane sastra Jawa ing babagan problem kajiwan, mligine kang nintingi psikologi sastra, (2) Pamulangan ing tataran sekolah lan pawiyatan luhur. Lelandhesane teori kang digunakake ing panliten iki yaiku teori psikologi sastra. Teori psikologi sastra kang dipilih yaiku Teori Psikoanalisis Sigmund Freud kanggo ngandharake problem kajiwane paraga, struktur kapribadhene paraga, lan mekanisme ego-ne paraga. Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake yaiku telung cerkak kang wis dipilih sajrone antologi cerkak Trem, kuwi kalebu sumber dhata primer. Sumber dhata sekunder kang digunakake yaiku sakabehe buku utawa literatur kang gegayutan karo psikologi sastra. Dhata kang digunakake arupa tembung-tembung utawa ukara-ukara ing telung cerkak kang wis dipilih sajrone antologi cerkak Trem kang gegayutan karo problem kajiwane paraga utama yaiku problem realistis, problem neurosis, lan problem moral.

Adhedhasar andharan ing ndhuwur bisa kadudut asile panliten kang cundhuk klawan underane panliten. Asile panliten, sepisan ngandharake paraga utama kang cacahe ana telu kang nduweni struktur kapribadhen paling onjo ing babagan ego. Kapindho, ngandharake problem kajiwan kang disandhang dening paraga utama awujud rasa kuwatir kang diperang dadi telu, yaiku 1) Rasa kuwatir realistis, 2) Rasa kuwatir neurosis, 3) Rasa kuwatir moral. Problem kajiwan kasebut kang paling onjo yaiku problem realistis­-e paraga utama. Katelu, ngandharake panyebab kang njalari tuwuhe problem kajiwane paraga utama kasebut yaiku 1) anane kedadeyan kang wis lumaku, paraga Dar rumangsa dikhianati. 2) kelakone sawijine tumindak kang nerak aturane Negara saengga paraga Pak Somat bisa dicekel pulisi. 3) jalaran paraga Poniran wis nemokake samubarang kang bisa mbebayani tumrap kaslametane dhewe. Kapapat, ngandharake mekanisme pertahanan ego kanggo mungkasi problem kajiwane paraga utama. Mekanisme pertahanan ego kang paling onjo disandhang dening paraga Poniran. Mekanisme pertahanan ego-ne Pak Somat yaiku represi, rasionalisasi lan fantasi. Mekanisme pertahanan ego-ne Dar yaiku rasionalisasi lan agresi-apatis. Kang pungkasan, mekanisme pertahanan ego-ne paraga Poniran yaiku pengalihan, rasionalisasi, reaksi-formasi lan agresi-apatis.

Published
2015-05-27
How to Cite
LATIFAH, N. (2015). RASA KUWATIRE PARAGA UTAMA SAJRONE ANTOLOGI CERKAK TREM ANGGITANE SUPARTO BRATA (TINTINGAN PSIKOANALISIS SASTRA). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 122
PDF Downloads: 66