NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANGANGGITANE SUPARTA BRATA(Tintingan Strukturalisme Genetik)
Abstract
NOVEL PARA PAWESTRI PEJUWANG
ANGGITANE SUPARTO BRATA
(Tintingan Strukturalisme Genetik)
LAILIN ALMUHITHIASARI
Pendidikan Bahasa Dan Sastra Daerah (Jawa)
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Surabaya
alinithia@gmail.com
Dosen Pembimbing: Dra. Sri Sulistiani, M. Pd.
Abstrak
Novel kanthi irah-irahan Para Pawestri Pejuwang (sabanjure dicekak PPP) reriptane Suparto Brata iki ditliti jalaran nyritakake ngenani perjuwangane para wanita Jawa. Panliten kanthi nggunakake tintingan strukturalisme genetik iki dipunjerake ing patang perkara kang dadi underane panliten, yaiku, kepriye struktur intrinsik novel PPP anggitane Suparto Brata, kepriye kadadeyan sosial kang njalari laire novel PPP anggitane Suparto Brata, kepriye pamawas donyane pangripta ngenani novel PPP anggitane Suparto Brata, lan kepriye pamawase masyarakat ngenani novel PPP anggitane Suparto Brata. Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki adhedhasar tintingan strukturalisme genetik Lucien Goldman. Pangumpulane dhata ditindakake kanthi nggunakake teknik pustaka lan wawancara. Isi crita saka novel PPP yaiku ngenani para paraga wanita kang berjuwang kanthi cara lan tumindake dhewe. Ora mung para paraga wanitane, para paraga priya uga dicritakake merjuwangake apa kang dadi tujuwane. Para paraga priya berjuwang kanthi cara sarwa grobyagan lan para paraga wanitane berjuwang kanthi cara kang luwih wicaksana. Kang dadi sorotan yaiku perjuwangane para paraga wanitane. Kanthi cara alus lan wicaksana para paraga wadon bisa nggayuh apa kang diperjuwangake.
Abstrak
Novel dengan judul Para Pawestri Pejuwang (selanjutnya disingkat PPP) karya Suparto Brata ini diteliti karena menceritakan perjuangan para wanita Jawa. Penelitian dengan menggunakan teori strukturalisme genetik tersebut difokuskan dalam empat permasalahn yang menjadi rumusan masalah, yaitu, bagaimana struktur intrinsik novel PPP karya Suparto Brata, bagaimana peristiwa sosial yang menyebabkakn terciptanya novel PPP karya Suparto Brata, bagaimana pandangan dunia pengarang mengenai novel PPP karya Suparto Brata, dan bagaimana pandangan masyarakat mengenai novel PPP karya Suparto Brata. Landasan teori yang digunakan dalam penelitian ini berdasarkan teori strukturalisme genetik Lucien Goldman. Pengumpulan data dilakukan dengan menggunakan teknik pustaka dan wawancara. Isi cerita dari novel PPP yaitu mengenai para tokoh wanita yang berjuang dengan cara dan tindakannya sendiri. Tidak hanya para tokoh wanitanya, para tokoh pria juga diceritakan memperjuangkan apa yang menjadi tujuannya. Para tokoh pria berjuang dengan cara yang kasar dan para tokoh wanita berjuang dengan cara yang lebih halus dan bijaksana. Namun yang menjadi sorotan adalah perjuangan para tokoh wanita. Dengan cara mereka yang halus dan bijaksana mereka dapat meraih apa yang mereka perjuangkan.
PDF Downloads: 26