NGRUMAT LAYON ING DESA TANJUNG MAGETAN(Tintingan Wujud, Makna lan Piguna)

  • INTAN PRIMASTI PURNAMASARI

Abstract

Intan Primasti Purnamasari, Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

In_chanz@yahoo.com

Abstrak

 

Ngrumat Layon minangka salah sawijine tradhisi kang kudu ditindakake dening masyarakat Desa Tanjung Magetan. Sejatine Ngrumat Layon minangka ajaran Islam kang wis mbalung sunsum ing masyarakat Jawa. Ajaran Islam kasebut banjur manunggal karo adhat istiadhat Jawa nuwuhake makna simbolis tartamtu sing wigati kanggo ditiliti.

Undheran sajroning panaliten iki yaiku: (1) kepriye tatalaku lan makna kang kinandhut sajroning Ngrumat Layon ing Desa Tanjung Magetan, (2) apa wae ubarampe lan makna simbolis sajroning Ngrumat Layon ing Desa Tanjung Magetan, (3) apa piguna kang kinandut sajroning Ngrumat Layon ing Desa Tanjung Magetan.

Tujuwan saka panaliten iki yaiku: (1) njlentrehake tatalaku lan makna kang kinandhut sajroning Ngrumat Layon ing Desa Tanjung Magetan, (2) njlentrehake ubarampe lan makna kang kinandut sajroning Ngrumat Layon ing Desa Tanjung Magetan, (3) njlentrehake piguna kang kinandut sajroning Ngrumat Layon ing Desa Tanjung Magetan.

Paedah saka panaliten iki yaiku: (1) bisa kanggo nambah wawasan sajroning piwulangan Jawa ngenani agama, tradhisi, budhaya, lan adhat istiadhat, (2) bisa nggugah panliti liyane, supaya nindakake panliten kang luwih jero ngenani Ngrumat Layon. Konsep teori kang cundhuk kanggo ngudhari masalah kang tinemu ing panaliten iki yaiku: (1) konsep kabudhayan, (2) Konsep Upacara Adhat, (3) konsep foklor, (4) konsep fungsi, (5) konsep simbol lan semiotik, (6) konsep semiotik. Lelandhesan teori kang digunakake kanggo nintingi wujud Tradhisi Ngrumat Layon nggunakake teori wujud Bruvand, kanggo nintingi makna Tradhisi Ngrumat Layon nggunakake teori simbol Pierce, sarta kanggo nintingi piguna Tradhisi Ngrumat Layon  nggunakake teori piguna Bascom lan Dundes.

Panaliten ngenani Ngrumat Layon iki nggunakake ancangan deskriptip kualitatif. Dhata ing panalitian iki awujud dhata lesan lan dhata barang. Dhata lesan arupa tembung, frase, ukara lan wacana asiling wawancara karo informan. Dene dhata barang arupa gambar utawa hasil dokumentasi saka tatalaku lan ubarampe Tradhisi Ngrumat Layon. Dhata kasebut diklumpukake kanthi metode lan teknik observasi, wawancara, sarta dokumentasi. Tatacara analisis dhata ing panaliten iki nggunakake open coding, axial coding lan selective coding.

Asiling panaliten yaiku: (1) ngandharake tatalaku Ngrumat Layon ing desa Tanjung Magetan. (2) makna simbolis sajrone tatalakune yaiku, kabar layon kanggo weneh kabar marang sanak kadang, ngedusi layon ngemu makna kanggo ngresiki rereget kang asipat nyata lan ghaib, ngulesi layon yaiku proses kanggo nutup perangan aurat, nyolati layon wajib ditindakake, budhalan layon minangka tahap sing paling akeh ngemu makna simbolis, ngubur layon yaiku tahap sing paling pungkasan. (3) makna simbolis ubarampe godhong kelor, dhimar, dupa, beras sawur, degan ijo, jenang sengkala, kembang rasulan yaiku sarana persembahan syukur marang Gusti Pangeran

Published
2015-06-01
How to Cite
PRIMASTI PURNAMASARI, I. (2015). NGRUMAT LAYON ING DESA TANJUNG MAGETAN(Tintingan Wujud, Makna lan Piguna). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 50
PDF Downloads: 28