KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA

  • KHOLIDYAH HANUM

Abstract

KONFLIK SAJRONING “ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG” ANGGITANE ARIESTA WIDYA

Kholidiyah Hanum, Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Kholidiyahh@yahoo.com

 

Abstrak

 

 

Antologi cerkak Mawar Abang yaiku sawijining reriptan sastra Jawa kang ditulis dening Ariesta Widya. Antologi cerkak iki kasusun saka 26 cerkak. Antologi iki kapilih dadi objek panliten amarga ngandhut konflik kang nggambarake urip bebrayan. Paraga-paraga sajrone antologi cerkak iki ngalami problem kang narik kawigaten.

Adhedhasar landhesan panliten kasebut, kajupuk underaning panliten, yaiku (1) kepriye konflik internal sajroning Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya. (2) kepriye akibat saka konflik internal sajroning Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya (3) kepriye  konflik eksternal sajroning Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya, lan (4) kepriye pamungkasing konflik internal lan konflik eksternal sajroning Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya. Tujuwan panlitene yaiku (1) ngandharake  konflik internal sajroning Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya, (2) ngandharake akibat saka konflik internal sajrone Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya (3) ngandharake konflik eksternal sajroning Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya, lan (4) ngandharake pamungkasing konflik internal lan konflik eksternal sajroning Antologi Crita Cekak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya.

Panliten iki ngandharake konflik-konflik kang dialami dening paraga-paraga minangka unsur kang mirunggan sajroning antologi cerkak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya. Mula ing kene tintingan sastra kang salaras kanggo ngonceki underaning panliten yaiku tintingan struktural. Tintingan struktural digunakake kanggo nintingi sakabehing bab kang nduweni sesambungan struktur karya sastra yaiku unsur intrinsik karya sastra.

Panliten sastra iki nggunakake metode deskriptif kualitatif kang ngandharake objek kang ditliti. Sumber dhata kang digunakake yaiku antologi cerkak Mawar Abang anggitane Ariesta Widya. Dhata-dhata kang digunakake sajroning panliten arupa ukara-ukara lan pacelathon kang nggambarake kahanan konflik kang dumadi. Kanggo nglumpukake dhata kang dibutuhake kanggo panliten sastra iki, nggunakake metode maca lan nyathet.

 

vii

 

Asiling panliten iki salaras karo underaning panliten kang nuduhake yen Konflik kang dialami dening paraga sajrone antologi cerkak yaiku konflik internal kang ngakibatake rasa sedhih, rasa kuwatir, rasa rangu-rangu, rasa gela lan rasa isin. Ing kene pamaos bisa njupuk suri patuladhan saka konflik kang wis dialami dening para paraga sajrone ACCMA anggitane Ariesta Widya.

Konflik eksternal ing ACCMA anggitane Ariesta Widya iki diperang dadi 3, yaiku konflik sosial antar-individu, konflik kang disebabake kawicaksanan pamarentah, lan konflik amarga pilih kasih. Saliyane konflik internal lan konflik eksternal, ana uga cara pamungkasing konflik kang wis dialami dening para paraga. Pamungkasing konflik kasebut dipungkasi kanthi maneka werna cara yaiku cara wicaksana, ngukuhi jejibahan lan kanthi cara meksa.

Published
2015-06-04
How to Cite
HANUM, K. (2015). KONFLIK SAJRONING ANTOLOGI CRITA CEKAK MAWAR ABANG ANGGITANE ARIESTA WIDYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 55
PDF Downloads: 33