TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO KECAMATAN PLUMPANG KABUPATEN TUBAN

  • UYUM LIBRALIA

Abstract

TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER

 ING DESA SEMBUNGREJO, KECAMATAN PLUMPANG, KABUPATEN TUBAN

UYUM LIBRALIA

S1-Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

faks. Psw.115

Abstrak

 

                Tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider minangka salah sawijine jinis tindak tutur ilokusi komisif kang nduweni bab kang khas yaiku bisa nuwuhake pananggap saka mitra tutur kanthi ijen lan bebarengan. Jinise lageyane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider durung tau ditliti. Punjere panliten iki yaiku jinise lageyane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider ing Desa Sembungrejo, Kecamatan Plumpang, Kabupaten Tuban. Ancase panliten iki ngandharake lan njlentrehake jinise lageyane panutur lan pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider ing Desa Sembungrejo, Kecamatan Plumpang, Kabupaten Tuban. Paedah teoretis panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung ilmu pragmatik lan menehi sumbangsih ngenani ukara tawa dagangan dening bakul mider. Paedah praktis kanggo ngrembakakake materi ajar basa Jawa ing sekolahan mligine jinis tawa dagangan dening bakul mider.

                Panliten tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider dilebokake jinis etnografi awit ngrembug basa kang disambungake karo konteks. Teori kang digunakake yaiku teori tindak tutur kang diandharake dening Levinson. Dhata panliten arupa ukara tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider. Sumber dhatane asale saka chathetan lan rekaman bakul mider ing Desa Sembungrejo, Kecamatan Plumpang, Kabupaten Tuban. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak. Tatacarane njlentrehake dhata kanthi metodhe dheskriptif lan kategoris.

                Jinise lageyane panutur sajrone tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider diperang dadi rong jinis perangan gedhe yaiku (1) blaka langsung, lan (2) blaka ora langsung. Dene jinise pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider uga diperang dadi rong jinis perangan gedhe yaiku (1) nampa, lan (2) nampik.

Tembung Wigati: tindak tutur tawa dagangan dening bakul mider, lageyane panutur, pananggape mitra tutur, lan konteks.

Published
2015-06-11
How to Cite
LIBRALIA, U. (2015). TINDAK TUTUR TAWA DAGANGAN DENING BAKUL MIDER ING DESA SEMBUNGREJO KECAMATAN PLUMPANG KABUPATEN TUBAN. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 18