TEMBUNG KAHANAN SAJRONE BASA JAWA ING TLATAH JEMBER

  • LIANA AZMI AZHARI

Abstract

TEMBUNG KAHANAN SAJRONE BASA JAWA

ING TLATAH JEMBER

Liana Azmi Azhari

 

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

 

ABSTRAK


 

 

Panliten tumrap Tembung kahanan wis kerep katindakake dening pamarsudi basa. Nanging panliten kasebut mung mligi ngandharake ngenani wujude utawa maknane tembung kahanan lan tuladha saka tembung kahanan. Adhedhasar bab kasebut, underane panliten iki yaiku kepriye wujud, guna, lan kalungguhane tembung kahanan sajrone basa Jawa ing Tlatah Jember? Tujuwane paliten iki, yaiku kanggo njlentrehake wujud, guna, lan kalungguhane tembung kahanan sajrone basa Jawa ing Tlatah Jember.

Landhesan teori kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif kang nduwe rong perangan, yaiku teori transformasi generatif lan cara kerjane teori transformatif generatif. Cara kerjane teori transformasi generatif iki diperang dadi 3 adhedhasar triaspek sintaktis, yaiku wujud (katagori), guna (fungsi), lan kalungguhan (peran).

Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis lan asipat dheskriptif. Sumber dhatane yaiku tindak tutur warga desa Bangsalsari kec. Bangsalsari kab. Jember lan panliti minangka panutur asli basa Jawa. Dhata utama ing panliten iki yaiku ukara sing nggunakake tembung kahanan. Dhata panyengkuyunge yaiku ukara kang digawe panliti minangka panutur basa Jawa ing jaman saiki. Dhata dikumpulake nggunakake metodhe sadhap lan nyemak banjur ditulis ing kartu dhata. Dhata kang kakumpul dijlentrehake nggunakake cara kerjane teori transformasi generatif adhedhasar triaspek sintaktis lan dijlentrehake metodhe distribusional. Banjur asile njlentrehake dhata disuguhake nggunakake metodhe formal.

Adhedhasar rimbage tembung kahanan sajrone basa  Jawa ing Tlatah Jember  kaperang dadi loro , yaiku tembung kahanan awujud lingga lan andhahan. Adhedhasar gunane tembung kahanan sajrone basa  Jawa ing Tlatah Jember bisa ngisi guna Wasesa, Pangganep lan Katrangan. Banjur pamerange kalungguhan tembung kahanan sajrone basa  Jawa ing Tlatah Jember ing konstituen utama cacahe ana 3 yaiku  (1) idhentifikatif, (2) dheskriptif lan (3) atributif. Banjur Pamerange kalungguhan tembung kahanan sajrone basa  Jawa ing Tlatah Jember ing konstituen pangganep cacahe uga ana 3, yaiku (1) objektif-idhentitas, (2) objektif-dheskripsi lan (3) objektif-atribut

Published
2015-06-11
How to Cite
AZMI AZHARI, L. (2015). TEMBUNG KAHANAN SAJRONE BASA JAWA ING TLATAH JEMBER. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(2). https://doi.org/10.26740/job.v3n2.p%p
Abstract Views: 156
PDF Downloads: 61