LEGENDHA PESANGGRAHAN PATIH DJOJODIGDO ING KUTHA BLITAR (Tintingan Folklor)

  • DESINTA NINGTYAS

Abstract

Desinta Ningtyas, Dra. Sri Wahyu Widayati, M.Si

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

desin7790@gmail.com

Abstrak

Kutha Blitar mligine Kelurahan Kepanjenkidul nduweni sawijine crita prosa rakyat yaiku Legendha Pesanggrahan Patih Djojodigdo kacekak LPPD kang isih dingerteni lan dilestarekake dening masyarakat sakupenge. Crita LPPD iki minangka cikal bakal anane sawijine padesan yaiku Kelurahan Kepanjenkidul. Crita LPPD kasebut narik kawigaten kanggo ditliti amarga ngandhut sawijine perangan sejarah lan durung tau ditliti.

Underane panliten, yaiku: 1) Kepriye wujud teks LPPD; 2) Kepriye nilai folklor kang kinandhut sajrone LPPD; 3) Kepriye fungsi LPPD tumrap masyarakat panyengkuyunge; 5) Kepriye makna simbolis kang kinandhut sajrone LPPD. Tujuwan panliten LPPD, yaiku: 1) Bisa nambah kawruh ngenani sastra saperangan lisan mligine crita prosa rakyat kang awujud legendha; 2) Njaga lan nguri-uri folklor kang ana ing Indonesia mligine ing Kutha Blitar; 3) Bisa kanggo nambahi kawruh marang guru lan siswa sing wigati marang sastra saperangan lisan; 4) Minangka wujud dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat Kelurahan Kepanjenkidul ing babagan kabudayan Jawa supaya tansah dijaga kanthi becik.

LPPD ditintingi kanthi nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif kang nggoleki dhata kanthi jangkeb, lan isine nggambarake panliten kanthi ringkes. Sumber dhata kang ana sajrone panliten LPPD iki kaperang dadi loro, yaiku sumber dhata primer lan sekunder. Sumber dhata primer yaiku para informan kang ngerteni crita LPPD, dene sumber dhata sekunder yaiku arupa gambar lan tulisan kang kacetak dadi buku. Dhata kang diklumpukake awujud tetembungan, ukara, wacana lan gambar. Panliten iki kalebu panliten folklor lan LPPD iki kalebu folklor saperangan lisan. Babagan nilai folklor kang kinandhut sajrone LPPD nggunakake teori konsep nilai budaya saka Djarmaris. Babagan fungsi nggunakake teori fungsi modhifikasi saka Malinowski, William R Bascom, lan Alan Dundes. Babagan makna nggunakake konsep makna simbolis saka Herusatoto lan Kuntowijoyo.

Asiling panliten iki nuduhake yen crita LPPD ngandhut sawijine perangan sejarah lan minangka cikal bakal anane Kelurahan Kepanjenkidul. Fungsi sajrone LPPD iki, yaiku : 1) Minangka papan kanggo ngalab berkah; 2) Minangka piranti pangesahan pranata-pranata; 3) Minangka piranti panggula wentah anak utawa para mudha; 4) Minangka piranti kanggo ngawasi supaya norma tansah dituruti; 5) Minangka piranti kanggo menehi sangsi sosial; 6) Minangka sarana kanggo menehi panglipur kang nyenengake.

Nilai budaya kang kinandhut sajrone LPPD, yaiku: 1) Nilai kapitayan percaya marang samubarang; 2) Tresna marang lingkungan; 3) Manungsa kudu ngajeni wong kang luwih tuwa; 4) Manungsa kudu nduweni sikap welas asih; 5) Manungsa kudu nduweni sikap tulung-tinulung; 6) Manungsa kudu nduweni sikap cerdik; 7) Manungsa kudu nduweni sikap nriman, lan 8) Piwulang Ta Pitu. Makna simbolis kang kinandhut sajrone LPPD iki yaiku saka anane ubarampe kang wajib cumepak kayata: ingkung, cok bakal, sega gurih. Makna simbolis kang minangka idhentitas dhaerah yaiku Pesanggrahan Patih Djojodigdo.

Published
2015-08-18
How to Cite
NINGTYAS, D. (2015). LEGENDHA PESANGGRAHAN PATIH DJOJODIGDO ING KUTHA BLITAR (Tintingan Folklor). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 64
PDF Downloads: 62