PIWULANG MORAL SAJRONE SERAT WULANG PUTRA

  • MAULINA TITIS AYU RESPATI

Abstract

Maulina Titis Ayu Respati, Dra. Sri Wahyu Widayati, M.Si

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

amaulinatitis@yahoo.com

Abstrak

 

Serat Wulang Putra mujudake serat kang kalebu kasusastran Jawa klasik. Serat diripta dening Pakubuwana IX awujud tembang. Serat ngemot babagan onjo yaiku moral. Serat nduweni tema piwulangan moral kang migunani kanggo kabeh pihak. Panaliten ngenani piwulangan moral minangka serat kang narik kawigaten salah sijine amarga durung tau ditliti.

Adhedhasar andharan kasebut, prakara kang dadi underane panaliten ing kene, yaiku (1) kepriye deskripsi naskah Serat Wulang Putra?, (2) kepriye piwulang moral kapribadhen sajrone Serat Wulang Putra?, (3) kepriye piwulang moral sosial sajrone Serat Wulang Putra?, (4) kepriye piwulang moral agama sajrone Serat Wulang Putra?, lan (5) kepriye piwulang moral kang kinandut sajrone Serat Wulang Putra gegayutan karo umur bocah.

             Panaliten kang ngandharake babagan moral minangka babagan sumirat sajrone serat ditintingi kanthi teori sosiologi sastra. Teori sosiologi sastra ing panaliten iki yaiku teori kang merkarakake babagan sumirat sajrone karya sastra iku dhewe. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe deskriptif  analitik. Metodhe deskriptif analitik nduweni tujuwan kanggo nggambarake kanyatan sajrone dhata. Lan konsep kang digunakake yaiku konsep moral lan pendhidhikan anak. Panaliten iki kalebu panaliten kapustakan. Data ing panaliten iki arupa tetembungan sajrone serat.

             Asiling panaliten iki nuduhake Serat Wulang Putra ngemot piwulangan luhur kang bisa dadi dhasar mangun karakter becik bocah. Piwulangan moral ing panaliten miturut konsep moral diperang dadi telu, yaiku: (1) piwulang moral kapribadhen, (2) piwulang moral sosial, lan (3) piwulang moral agama. Piwulang moral kang ana uga diperang maneh miturut konsep pendhidhikan anak dadi telu, yaiku (1) piwulang moral kanggo bocah, (2) piwulang moral kanggo remaja, lan (3) piwulang moral kanggo dewasa.

Published
2015-08-18
How to Cite
TITIS AYU RESPATI, M. (2015). PIWULANG MORAL SAJRONE SERAT WULANG PUTRA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 69