PANGETRAPE METODHE TGT TUMRAP KAWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN AKSARA SWARA SISWA KLAS IX SMP LABORATORIUM UNESA

  • SITI FATIMAH

Abstract

Siti Fatimah

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Fathim502gmail.com

 

Abstrak

Pendhidhikan minangaka punjere kualitas sawijining negara, amarga maju apa orane sawijining negara iku gumantung saka kualitas pendhidhikane. Mula peserta didik kudu luwih aktif sajrone proses piwulangan. Kanggo mujudake  KD sajrone kurikulum KTSP yaiku “Membaca dan menulis kalimat sederhana dengan aksara Jawa” panliti nggunakake pangetrape metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle tumrap kawasisan nulis aksara murda lan aksara swara kanggo inovasi piwulangan. Medhia puzzle yaiku medhia piwulangan kang awujud tugelan-tugelan gambar.

Underan panliten iki, yaiku : (1) kepriye asil pasinaon nulis aksara murda lan aksara swara ing klas kontrol, (2) kepriye asil pasinaon nulis aksara murda lan aksara swara ing klas eksperimen, lan (3) kepriye efektivitas panganggone metodhe TGT tumrap asil pasinaon nulis aksara murda lan aksara swara. Tujuwan panliten yaiku ngandharake asil pasinaon ing klas kang tanpa nggunakake metodhe kanthi medhia puzzle lan kelas kang nggunakake metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle, lan ngandharake pangaribawane metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle. Panliten iki nduweni paedah supaya bisa didadekake referensi kanggo inovasi piwulangan, bisa ngundhakake kawasisan nulis aksara Murda siswa, lan minangka referensi piwulangan kang migunani.

Konsep panliten iki yaiku metodhe TGT (Team Game Turnamen), medhia puzzle, nulis, lan aksara Jawa. Metodhe kang digunakake yaiku metodhe eskperimen kanthi desain Quasi Exsperimental kanthi modhel nonequivalent Kontrol Group. Klas kang digunakake yaiku klas kontrol (IXB), lan klas eksperimen (IXA). Teknik kang dienggo yaiku tes lan angket, dene instrumen kang digunakake yaiku RPP, lembar soal, lan lembar angket. Analisis dhata nggunakake uji t-signifikansi.

            Adhedhasar dhata ing pretelan asiling panliten, bisa didudut yen ora ana pambeda kang signifikan antarane pre-test lan post-test ing klas kontrol, kabukti saka asil panliten 1 lan panliten 2 yaiku 1,800 lan 0,138. Asil piwulangan klas eksperimen nuwuhake asil kang signifikan yaiku 7,456 lan 6,666 saka ttabel 1,717. Asil tes signifikansi nuduhake asil 4,566 ing panliten 1 lan 2,250 ing panliten 2 saka ttabel 2,012, ateges ana pambeda kang singnifikan antarane klas kontrol lan klas eksperimen kang nggunakake metodhe TGT (Team Game Turnamen) kanthi medhia puzzle. Saengga, bisa ditegesi yen Ho ditolak lan Hi ditrima.

Published
2015-08-18
How to Cite
FATIMAH, S. (2015). PANGETRAPE METODHE TGT TUMRAP KAWASISAN NULIS AKSARA MURDA LAN AKSARA SWARA SISWA KLAS IX SMP LABORATORIUM UNESA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 93
PDF Downloads: 55