MAJAS SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN TEMBANG DHUKUH PURUNG ANGGITANE ST. SRI EMYANI (Tintingan Stilistika)

  • SERLY GIA BINTARAWATI

Abstract

Serly Gia Bintarawati

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

(Serly.bintarawati@yahoo.co.id)

 

Abstrak

Antologi geguritan Tembang Dhukuh Purung anggitane St. Sri Emyani minangka karya sastra kang edi peni ing basane, mligine ngenani pemajasan. Mula underane panliten, yaiku: (1) kepriye wujud majas perbandingan sajrone antologi geguritan Tembang Dhukuh Purung anggitane St. Sri Emyani? (2) kepriye wujud majas penegasan sajrone antologi geguritan Tembang Dhukuh Purung anggitane St. Sri Emyani? (3) kepriye wujud majas sindiran sajrone antologi geguritan Termbang Dhukuh Purung anggitane St. Sri Emyani?

Mula ing panliten iki bakal dianalisis nggunakake tintingan stilistika. Stilistika minangka ilmu kang nliti panganggone basa lan lelewane basa sajrone karya sastra. Panliten iki nggunakake teori-teori kang gegayutan karo lelewane basa. Teori kang wigati sajrone panliten iki yaiku nengenake ngenani pemajasan.

Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa antologi geguritan Tembang Dhukuh Purung anggitane St. Sri Emyani. Dhata sajrone panliten iki yaiku awujud tembung-tembung kang ngandhut majas sing digunakake dening panggurit. Dhata-dhata kasebut dikumpulake kanthi teknik maca, nyimak, cathet lan nglasifikasi. Teknik analisis dhata sajrone panliten iki nggunakake teknik analisis deskriptif.

 Asile panliten nuduhake majas perbandingan sajrone antologi geguritan TDP ngemu 10 majas, yaiku majas personifikasi, depersonifikasi, metafora, alegori, hiperbola, litotes, simile, hipalase, eponim lan simbolik. Banjur majas penegasan ana 5 majas yaiku majas pleonasme, repitisi, retoris utawa erotesis, aferesis lan eklamasio. Pungkasan yaiku majas sindiran ana 2 majas yaiku majas sinisme lan sarkasme. Majas Perbandingan minangka majas kang paling onjo, mligine majas hiperbola amarga jinis majas kasebut asring ditemokake sajrone antologi geguritan TDP.

 Sarta panliten iki uga nuduhake yen St. Sri Emyani anggone ngripta geguritan asring banget nggunakake makna konotatif kanggo ngandharake isi geguritane. Panliten iki uga ngemu patang fungsi kang digunakake sajrone cuplikan-cuplikan antologi geguritan TDP. Fungsi kasebut yaiku fungsi pembangding, fungsi penegasan, fungsi pasemon utawa sindiran lan fungsi kritik. Saka patang fungsi kasebut fungsi kang onjo yaiku fungsi penegasan

Published
2015-08-18
How to Cite
GIA BINTARAWATI, S. (2015). MAJAS SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN TEMBANG DHUKUH PURUNG ANGGITANE ST. SRI EMYANI (Tintingan Stilistika). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 79
PDF Downloads: 66