TINDAK TUTUR NGINCIM KANGGO PANJURUNG ING PANGGULAWENTHAH ING DESA PACIRAN, KECAMATAN PACIRAN, KABUPATEN LAMONGAN

  • ATIK DWI AGUSTIN

Abstract

Atik Dwi Agustin, Dr. Murdiyanto, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

atikdwiagustin@gmail.com

Abstrak

                   Tindak tutur ngincim kalebu tindak tutur komisif sing isih digunakake lan kerep diprangguli ing bebrayan. Tindak tutur ngincim kanggo panjurung ing panggulawenthah ditindakake dening panutur kanthi anane sebab, banjur tuwuh anane rasa simpatik lan empatik  marang wong tertamtu, mula tuwuh nalar kang bisa nindakake inciman. Saka nalar kasebut bisa tuwuh TTN kang nduweni maksud supaya wong sing diincim bisa luwih becik.  Dhasar kuwi nduweni sesambungan karo sumber, struktur sosial, relasi sosial, norma sosial, lan kahanan sosial.

                   Punjere panliten iki yaiku ngenani apa wae jinis TTN adhedhasar lageyane panutur lan pananggape mitratutur ing masyarakat Desa Paciran, Kecamatan Paciran, Kabupaten Lamongan. Adhedhasar punjere panliten, ancas panliten iki ngandharake lan njlentrehake jinis TTN adhedhasar lageyane panutur lan pananggape mitratutur. Paedah teoritis panliten iki yaiku kanggo nyengkuyung ilmu pragmatik lan menehi sumbangsih tumrap ilmu sintaksis ngenani ukara TTN. Paedah praktis kanggo ngrembakake materi ajar basa Jawa ing sekolahan mligine tatacara ngincim kang pener lan bener.

                   Panliten tindak tutur ngincim iki sipate deskriptif analisis. Teori sing digunakake yaiku teori tindak tutur Leech lan Grice. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan lan saka siaran TV Lamongan. Sumber dhatane asale saka cathetan lan rekaman warga Desa Paciran, Kecamatan Paciran, Kabupaten Lamongan. Tatacara nglumpukake dhata kanthi metodhe semak lan wicara. Tatacarane njlentrehake dhata kanthi metodhe kategoris, teks lan konteks. Dene tatacara nyuguhake jlentrehan dhata kanthi deskriptif lan informal.

                   Jinis TTN adhedhasar lageyane panutur diperang dadi papat yaiku (1) blaka langsung , (2) samudana langsung, (3) blaka ora langsung, (4) samudana ora langsung,  Dene jinise TTN adhedhasar pananggape mitratutur ana telu yaiku (1) katampa, (2) ora katampa nanging ora katampik lan (3) katampik.

Published
2015-08-18
How to Cite
DWI AGUSTIN, A. (2015). TINDAK TUTUR NGINCIM KANGGO PANJURUNG ING PANGGULAWENTHAH ING DESA PACIRAN, KECAMATAN PACIRAN, KABUPATEN LAMONGAN. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 33
PDF Downloads: 28