MAKNA SIMBOLIS SAJRONE TRADHISI CLOROTAN ING DHUSUN BANJARSARI, DESA BARENG, KECAMATAN BARENG, JOMBANG

  • ANI NOVIASTUTI

Abstract

Ani Noviastuti, Dra. Sri Sulistiani, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Noviastutiani@gmail.com

 

 

Tradhisi kalebu warisan budaya saka para leluhur kang nduweni simbol-simbol lan nduweni makna, tujuwan beda-beda. Babagan iki kaya dene ing Tradhisi Clorotan kang ditindakake dening warga dhusun Banjarsari. Underane panliten iki yaiku: (1) Kepriye mula bukane tradhisi?(2) Makna ubarampe apa kang ana ing tradhisi clorotan? (3) Apa wae paedahe? (4) Kepriye cara nglestarekake? (5) Kepriye pamawase masyarakat? Tujuwan panliten iki ngandharake sakabehe underaning panliten. Panliten iki nggunakake tintingan folklor setengah lisan. Teori kang digunakake yaiku teori andharane Danandjaja kanggo ngudhari wujud tradhisi, pigunane kabudayan nggunakake teori Bascom, teori semiotik miturut Pierce, banjur ngenani resepsi saka masyarakat nggunakake teori saka Iser.

            Panaliten iki nggunakake ancangan kualitatif kanthi metodhe deskriptif. Metodhe lan teknik ngumpulake dhata ditindakake kanthi cara observasi, wawancara, dokumentasi lan kuesioner. Yen tatacarane ngolah lan nganalisis dhata yaiku nggunakake transkrip dhata, verifikasi dhata, identifikasi, kondifikasi,  penafsiran lan ngandharake dhata adhedhasar undering panaliten lan menehi dudutan saka asiling panaliten.

Tradhisi Clorotan, ngasilake yaiku Mula bukane tradhisi, tatalakune tradhisi, ubarampe kang digunakake yaiku jajan clorot, pasung, jipang, krupuk, gedhang lan jajan pasar liyane. Sakabehing ubarampe nduweni makna tumrap masyarakat dhusun Banjarsari. Tradhisi Clorotan nduweni piguna yaiku sistem proyeksi, pangesahing pranata kabudayan, sarana panggulawenthah, piranti panentu norma masyarakat, nguwatake rasa pangrasa klompok masyarakat. Cara nglestarekake diperang dadi telu pamawas yaiku saka pamarentah, masyarakat dhusun Banjarsari lan bebrayan agung sanjabane dhaerah kasebut. Saka owah gingsire bakal diperang dadi loro yaiku tatalaku nalika nindakake lan ubarampe kang digunakake. Pamawas masyarakat kaperang dadi loro yaiku golongan masyarakat kang sarujuk lan ora sarujuk. Masyarakat kang sarujuk amarga kalebu warisan budaya leluhur, dedunga nyuwun keslametan lan rasa syukur marang Gusti. Masyarakat kang ora sarujuk nduweni alesan adhedhasar kapitayan ing agama Islam, tradhisi kagolong musyrik.

Kata kunci: Semiotik, Tradhisi Clorotan          

Published
2015-08-19
How to Cite
NOVIASTUTI, A. (2015). MAKNA SIMBOLIS SAJRONE TRADHISI CLOROTAN ING DHUSUN BANJARSARI, DESA BARENG, KECAMATAN BARENG, JOMBANG. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 87
PDF Downloads: 101