PIWULANG SAJRONE SERAT NITISRUTI (Tintingan Sosiologi Sastra)

  • JAYANTI ADJI UTAMI

Abstract

Jayanti Adji Utami, Dra. Suwarni, M.Pd

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

                                                                                 Fakultas Bahasa dan Seni                                              

Universitas Negeri Surabaya

jayantiadji29@gmail.com

Abstrak

 

   Salah sawijine reriptan sastra Jawa klasik yaiku Serat Nitisruti (banjur sinebut SNS).SNS minangka sawijine reriptan sastra piwulang saengga isine ngandhut piwulang kang gegayutan klawan morale manungsa, mula saka kuwi panliti njupuk irah-irahan Piwulang Sajrone SNS(Tintingan Sosiologi Sastra).Adhedhasaran andharan kasebut, undheran paliten iki ing antarane yaiku: (1) apaSNS kuwi, (2) kepriye struktur teks SNS (3) apa wae piwulang kang tinemu ing serat Nitisruti. Ancasing panliten yaiku mangerteni kang gegayutan karo : (1) dheskripsi SNS (2) struktur teks SNS, (3) piwulang sajrone SNS.

Teori kang digunakake ing panliten iki yaiku pendhekatan Sosiologi Sastra saka Damono. Kanggo ngandharake ngenani struktur reriptan puisi kang kaperang maneh anane struktur lair lan batin nggunakake teorine Fowler. Kanggo njlentrehake puisi Jawa kang awujud Macapat kasebut nggunakake teori saka Susantina lan Padmoesukotjo kang ngandharake ngenani paugeran guru gatra, guru lagu lan guru wilanganlan kang pungkasan teori piwulang saka Taimiyah.Panliten kualitatif tumrap panliten SNS nggunakake metodhe hermeneutik.

Asile panliten nuduhake deskripsi SNS kang njlentrehake ngenani pangriptane serat Nitisruti, wujude SNSlan ringkesan SNS. Struktur teks SNS yaiku nyakup struktur lair lan batin. Struktur lair gayutan karo wewujudan fisik teks SNS kang awujud tembang saengga mujudake gegmabarane guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Struktur batin teks SNS gayutan karo watak sarta panganggone tembang.Piwulang kang ana gandheng rakete lawan moral kasebut kinandhut sajrone serat Nitisruti ing antarane (1) piwulang moral diri pribadi, (2) piwulang moral sosial, (3) piwulang moral agama.Peranganan kang kaping pindho yaiku piwulang kang dianggep trep tegese piwulang kang kinandhut sajrone SNS kasebut uga kaserat ana ing reriptan sastra liyane.

SNS mujudake reriptan sastra kang nduweni piguna kanggo menehi piwulang lan wewarah tumrap para pawongan sing maca. Piwulang kasebut mligine kanggo para masyarakat kang urip ing tengahing bebrayan.Saliyane kuwi kanggo para abdi dalem ing pamerintah lan trap-trapane tumindak kang becik kanggo raja minangka panguwasa. Bisa didudut yen SNS yaiku minangka serat sastra piwulang.

Published
2015-08-19
How to Cite
ADJI UTAMI, J. (2015). PIWULANG SAJRONE SERAT NITISRUTI (Tintingan Sosiologi Sastra). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 140
PDF Downloads: 76