WARISAN SAJRONE NOVEL “PETHITE NYAI BLORONG” ANGGITANE PENI LAN NOVEL “THE TESTAMENT” ANGGITANE JOHN GRISHAM (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN)

  • ELA PUTRI RAHMAYANTI

Abstract

Ela Putri Rahmayanti, Prof. Dr. Darni, M.Hum

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

Elaputrir@ymail.com

Abstrak

 

Novel “Pethite Nyai Blorong” anggitane Peni lan novel terjemahan saka Amerika kanthi irah-irahan “The Testament” anggitane John Grisham nyritakake ngenani bab andum warisan lumantar layang wasiyat. Kaloro novel kasebut nduweni cara kang beda-beda sajrone andum warisan saengga kaloro novel iku bisa ditliti kanthi kajian sastra bandhingan. Kajian sastra bandhingan kang digunakake luwih nengenake perangan afinitas kanthi tema warisan.

Undherane perkara ing panliten iki ana telu, yaiku (1)kepriye gegambaran adat pambagene warisan sajrone novel “Pethite Nyai Blorong” lan novel “The Testament”? (2)kepriye konflik rebut warisan sajrone novel “Pethite Nyai Blorong” lan novel “The Testament”? (3)kepriye cara ngrampungake andum warisan sajrone novel “Pethite Nyai Blorong” lan novel “The Testament” kawawas saka segi sosial lan budaya?

                Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe deskriptif kualitatif komparatif kanggo mbandhingake rong novel kang dipunjerake marang unsur afinitas ngenani bab warisan. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa teks novel “Pethite Nyai Blorong” lan novel “The Testament”. Dhata ing panliten iki yaiku tetembungan, ukara, lan wacana kang gegayutan karo bab warisan. Teknik ngumpulake dhata sajrone panliten iki yaiku kanthi studi pustaka.

Asile panliten diperang dadi telu. Kapisan, adat pambagene warisan sajrone novel “Pethite Nyai Blorong” luwih nengenake hukum waris adat kang lumaku ing Jawa dene novel “The Testament” luwih nengenake hukum waris perdata kang lumaku ing Virginia. Kapindho, ngenani konflik rebut warisan kang ditandhang dening para paraga sajrone novel “Pethite Nyai Blorong” yaiku luwih mendhem uneg-unege dene “The Testament” luwih blaka lan adhedhasar hukum. Kaping telu, cara ngrampungi andum warisan kawawas saka segi sosial lan budaya sajrone novel “Pethite Nyai Blorong” yaiku masrahake kabeh marang pihak Bandha Lumeksa ngenani petungan bandha warisan kang ditampa dening Larasati kanthi kulawargan. Novel “The Testament” ngrampungake andum warisan kanthi dipasrahake uga marang pengacara lan selaras karo hukum kang lumaku ing Virginia.

Published
2015-08-19
How to Cite
PUTRI RAHMAYANTI, E. (2015). WARISAN SAJRONE NOVEL “PETHITE NYAI BLORONG” ANGGITANE PENI LAN NOVEL “THE TESTAMENT” ANGGITANE JOHN GRISHAM (TINTINGAN SASTRA BANDHINGAN). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 45
PDF Downloads: 42