SEJARAH PANGIWA SAJRONE SERAT PARAMAYOGA (TINTINGAN FILOLOGI)

  • DENY CAHYONO

Abstract

Deny Cahyono, Drs. Bambang Purnomo, M.Si.

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan Seni

Universitas Negeri Surabaya

deny_momo@ymail.com

Abstrak

 

Sastra mujudake salah sawijine budaya luhur kanggo sarana nularake idhe-idhe panemu, ilmu kawruh, lan sejarah. Isine wigati tumrap bebrayan amba kanggo disinaoni lan kudu digethoktularake marang liyan. Naskah Serat Paramayoga mujudake isi kang narik kawigaten lan perlu banget diweruhi dening bebrayan amba mligine bebrayan Jawa, amrih nilai-nilai kang diandhut sajrone naskah bisa lestari lan dadi pamawas sing migunani amerga bab iki miturutku wigati, awit gedhene pamawas sejarah ing sajrone naskah.Serat Paramayoga isine ngenani trah temurune Kanjeng Nabi Adam kang metu saka agamane Kanjeng Nabi Adam tumekan lumebete manungsa ing tanah Jawa, ananging kang ditengenake ing kene bakal nintingi awit mulane sejarah pangiwa, saengga dipilih irah-irahan “Sejarah Pangiwa Sajrone Serat Paramayoga” kanggo panliten iki.

Adhedhasan andharan kasebut bisa dijupuk undering rembug : (1) Kepriye deskripsi Sarat Paramayoga, (2) Kepriye suntinganteks Serat Paramayoga, (3) Kepriye unsur historiksajrone Serat Paramayoga. Paedah kang bisa dijupuk saka panliten yaiku paedah tumrap jagading ilmu filologi arupa seserepan bab deskripsi, suntingan teks, lan mligine ing kaweruh ngenani sejarah pangiwa kang kaandhut sajrone Naskah Serat Paramayoga. Paedah tumrap panliti yaiku nambahi kawruh apa kang kinandhut sajrone Serat Paramayoga, mligine kawruh ngenani sejarah pangiwa. Dene tumrap pamaos bisa nambahi kawruh ngenani isi sajrone Serat Paramayoga.

Deskripsi Naskah Serat Paramayoga yaiku: Naskah iki kasusun saka 204 kaca, saben kacane nduweni nomer rangkep (10a, 10b, 11a, 12b, lsp) yen kaitung kabeh ana 408 lembar, kanthi cathetan bageyan sampul utawa irah-irahan lan kaca awal ngati kaca nem wis ora ana. Bageyan awal naskah kang ora ana kasebut bakal ditembel nggunakake Serat Paramayoga terbitane Yayasan Centhini, kanggo nggoleki cerita awal naskah kang ora ana. Naskah Serat Paramayoga kang asli yaiku anggitane Raden Ngabei Ranggawarsitakang disalin dening Almarhum Bapak Slamet lan dadi objek panliten iki. Kahanane naskah isih apik lan kalebu gampang diwaca. Wujud panulisane arupa tembang macapat yaiku yaiku Dhandhanggula, Pangkur, Sinom, Mijil, Megatruh, Pocung, Gambuh, Asmarandhana, Dorma, Kinanthi, lan Girisa. Katulis ana ing kertas putih ginaris nganggo aksara jawa, basa jawa ngoko lan krama.

Tata cara ngolah data yaiku kanthi suntingan teks kang sadurunge wis ditranslit kanthi cara Edhisi Diplomatik. Panyuntingan teks kang ditindakake ing panilten iki yaiku mligi ing teks-teks utawa ukara kang kurang trep lan ngrembug ngenani sejarah pangiwa dinomeri, banjur tembung lan ukara sing narik kawigaten panliti dikritik lan komentar. Asil saka tintingan dhata panliten yaiku deskripsi naskah, suntingan teks lan sejarah pangiwa kang kaadhut sajrone Serat Paramayoga.

Published
2015-08-21
How to Cite
CAHYONO, D. (2015). SEJARAH PANGIWA SAJRONE SERAT PARAMAYOGA (TINTINGAN FILOLOGI). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 140
PDF Downloads: 141