PANGANGGONE BASA SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN DALAN TRESNA ANGGITANE MAHASISWA BASA JAWA, ANGKATAN 2013 B, UNESA

  • ESTI WAHYUNING W

Abstract

Esti Wahyuning Widiayanti

Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, FBS, UNESA

(estiwahyuning.ew@gmail.com)

 

Abstrak

Antologi geguritan Dalan Tresna mujudake sawijining antologi geguritan kang isine ana 240 kaca lan 237 geguritan saka 24 Mahasiswa Angkatan 2013 kelas B, Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Universitas Negeri Surabaya kang kabukokake ing tahun 2014. Antologi kasebut wujud tugas mata kuliah menulis kreatif ing semester telu. Saka antologi geguritan kasebut tinemu wujud ragam basa kang ing njerone ana panganggone basa kang luput. Bab kasebut kang ndadekake panliti katarik nliti kumpulan geguritan kasebut.

Underan sajrone panliten iki kaya mangkene : (1) Kepriye wujude wernane basa sajrone antologi geguritan Dalan Tresna anggitane mahasiswa angkatan 2013 B, Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Universitas Negeri Surabaya? (2) Kepriye wujude alih kode sajrone antologi geguritan Dalan Tresna anggitane mahasiswa angkatan 2013 B, Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Universitas Negeri Surabaya? (3) Kepriye wujude campur kode sajrone antologi geguritan Dalan Tresna anggitane mahasiswa angkatan 2013 B , Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Universitas Negeri Surabaya?

Panliten iki asipat deskriptif-kualitatif. Panliten panganggone basa iki nggunakake teori ragam basa, lan analisis panganggone basa kang luput. Sumber dhata awujud Antologi geguritan Dalan Tresna mujudake yaiku antologi geguritan kang isine  ana 240 kaca lan 237 geguritan saka 24 Mahasiswa kang kabukokake ing tahun 2014. kang ditliti 85 geguritan saka 24 mahasiswa. Dhatane awujud tembung, frasa, lan klausa kang ngandhut wernane basa, lan salahe nganggo basa. Asile panliten iki yaiku wernane basa kang dienggo arupa: (1) wernane basa ngoko, (2) wernane basa krama, (3) wernane basa dialek, (4) wernane basa Jawa-Indonesia, (5) wernane basa Jawa-inggris, lan (6) wernane basa Jawa-Arab. Sajrone wernane basa ngoko lugu tinemu wujud panganggone basa kang luput perangan fonologis lan morfologis.

 Panganggone basa kang luput ing panliten iki yaiku bab fonologi lan morfologi, Panganggone basa kang luput perangan fonologis wujude salahe nulis ejaan basa Jawa mawa aksara latin kaperang dadi nulis vokal lan konsonan, kang akeh dilakoni yaiku wujude salahe /a/ dadi /o/ lan nulis vokal /u/ dadi /o/. Wujude panulisan retofleks [ḍ] lan [ṭ]. Panganggone basa kang luput perangan morfologis kang asring ditemokake yaiku owahe imbuhan {N- -ake} dadi {N- -na} kang kaprabawan dening dialek.

Alih kode kang tinemu yaiku Alih kode intern wujude ragam krama-ragam ngoko, lan ragam ngoko-ragam krama. alih kode ekstern wujude yaiku alih kode basa Jawa-basa Indonesia, lan alih kode basa Jawa-basa Arab. campur kode kaperang dadi campur kode positif yaiku campur kode basa Jawa-basa Indonesia, campur kode basa Jawa-ragam dialek, campur kode basa Jawa-basa Arab, campur kode basa Inggris-basa Jawa, lan campur kode basa Jawa-basa Indonesia-Basa Jawa.Wujud capur kode negatif yaiku campur kode ragam ngoko-krama, ragam krama-ngoko, basa Jawa–ragam dialek, ragam Jawa–basa Indonesia, basa Jawa–basa Indonesia–basa Jawa, lan basa Indonesia–basa Jawa–basa Indonesia. wujud kang paling tumingal yaiku campur kode basa Jawa-Indonesia lan Jawa dialek kang asipat campur kode negatif.

Published
2015-08-21
How to Cite
WAHYUNING W, E. (2015). PANGANGGONE BASA SAJRONE ANTOLOGI GEGURITAN DALAN TRESNA ANGGITANE MAHASISWA BASA JAWA, ANGKATAN 2013 B, UNESA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Abstract Views: 77
PDF Downloads: 84